Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/382

Kaca iki wis divalidasi

“Gemang. Pilih nunggu kreta bisnis saka Bandung sing sedhela meneh mlebu. Kowe dhewe ngerti, Run, penumpang sepur ekonomi kaya kae biasane kanthong tipis. Tahu nyewu telu wae isih dinyang. Susuk satus-rong atus rupiyah kelakon dijaluk.”

Dirun banjur kepeksa klithih-klithih menyat nggoleki Ipah ing antarane kemriyege bakul asongan sing lagi nawakake dagangane sajroning gerbong sepur letheg Jakarta-Surabaya kang durung suwe parkir iku. Swarane pating crecet saut-sautan kaya emprit neba. Ana sing nganggo ukara miring nyrempet-nyrempet porno.

“Kopi panas, susu anget genduk-genduk.”

“Nasi, nasi. Nasi pecel ayam goring bebas flu burung.”

“Rokok-rokok, permen, lowong timbang ra ngemut ….”

“Koran, majalah. Berita hot pejabat selingkuh ketangkap basah.”

Bareng ketemu Ipah sing lagi ngedoli nasi wungkusan, dijawil. Najan tanpa ngomong sekecap dheweke ngerti apa karepe Dirun sing banjur ndhisiki mlaku ngedoh. Rada kesusu Ipah mudhun saka bordes. Lebar nitipake sunggen dagangane marang saweneh kanca pengasong, Ipah agahan nututi Dirun. Tekan ngarep WC Umum pojok stasiun jangkahe kandheg. Ana sing undang-undang.

“Nok ....”

“Sampeyan napa niku, Dhe?” aloke Ipah marang wong tuwa sing turu slonjor ing kursi dawa ngisor akasia iku. Lampu plenthong 15 watt kang nggandhul pyan WC ora kuwawa madhangi papan lindhuk kono.

Wong lanang tuwa kuwi kruget-kruget njenggelek. Awake kuru, klelep kebungkus sandhangan sing kegedhen, lan wis ora wutuh maneh. Kajaba pating trembel tambalan uga akeh jithetane. Pener pundhak klambine kiwa-tengen diwenehi kenop loro. Sajake digawe saka pines sing pucuke diblengkukake dhimen ora nocok daging. Ndhuwur sak kiwa ditempleki tutup botol inuman gambar bintang. Kere dhegleng wangune.

“Dereng tilem ta, Dhe?”

“Awakku ndhrodhog je, Nok.”

Ipah njegreg. Dheweke tanggap. Omongane pepriman tuwa sing jeneng sarta asale ora karuwan kuwi, lan pancen ora penting dingerteni, tegese njejaluk kanthi alus. Awake gemeter merga wetenge perih keluwen. Para manol, kuli, bakul asongan, lan pengamen sing ditembungi biasane padha kamiwelasen banjur padha weweh dhuwit. Ipah dhewe uga kerep ngeklasake sega sawungkus dagangane kulakan wingi. Tau rekane ngemis marang calon penumpang sepur sing sajak dhompete kandel, gandane wangi. Jebul oleh-olehane mung pisuhan karo diplengosi kaya weruh kirik gudhigen.

Ipah jane ora mental. Nanging dheweke lagi arep ana perlu. Mula, kandhane sawise dilelimbang, “Disrantos sedhela nggih, Dhe ....”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

369