Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/383

Kaca iki wis divalidasi

“Kencan karo Dirun pa, Nok?”

“Kok ngerti?”

“Apa kowe ki lali. Aku ki rak camat wilayah kene. Wargaku sing nyambut gawe ana kene kabeh tak tulis jenenge. Apa keperluwane aku kudu ngerti,” ucape karo ngemek-emek bintang tutup gendul ing dhadhane.

Ipah nglungani tanpa ngomong sakecap. Yen ditanggapi mundhak kedlarung-dlarung. Endi sing edan, endi sing waras dadi worsuh. Jangkahe ngener saweneh gerbong tuwa kang ndhongkrok rada adoh sanjabane stasiun. Ngliwati bangunan gudhang kang surem katon sagrombol pengamen lagi padha mendem. Ambune alkohol nyegrak irung.

Maju sithik cedhak bengkel loko isih kebak nom-noman kang ketungkul dolanan neker manfaatake padhange lampu merkuri. Nekerneker mau diwadhahi cepuk, diseleh sawetara puluh langkah. Bocahbocah asal kampung kumuh sakitere stasiun kuwi mlayu urut mbaka siji marani cepuk banjur kanthi cepet njupuk neker srana dijepit nganggo driji tengah lan panudinge. Ipah sakawit ngungun. Nembe saploke gan-dheng karo Dirun dheweke mudheng, dolanan apa kuwi.

Sapungkure Ipah, pepriman kaliren kuwi rogoh-rogoh klanthongan clana ndudut potlot sarta buku. Wujude mung kertas-kertas suwekan sing dilim nganggo upa sisa pangane. Najan ora pakra nanging buku kuwi kebak cathetan paseksene saksuwene dheweke ngglandhang ana stasiun. Kalebu ing kono tinemu lelakone si Ipah sarta sawetara pawongan liyane kang mburu panguripan ana stasiun. Apa sing dialami, diweruhi, lan dirungu kabeh dieling-eling lan ditulis orek-orekan ngungkuli cekeran pitik. Sing bisa maca lan nyurasa ya mung dheweke dhewe.

Ipah, dheweke miwiti njingglengi bukune, minggat marga diwayuh jalaran gabug ora duwe bisa menehi turun. Dodol sunggen nguyak sepur kanggo nyambung urip. Rupa lumayan, rambut ketel dawa. Yen digelung tanpa ndadak disubal cemara wis gedhi kaya ban skuter. Sing paling ora nguwati bodhine. Nggitar.

Tekan kono olehe maca sigeg. Kalamenjinge cleguken. Grenenge karo ngadeg, “ Saupama aku dadi Kanjeng Bupati, dudu mung Camat, Ipah mesthi wis tak selir. Sapa sing wani elik-elik, bakal tak pecat. Dhasar aku kuwasa, mblegedhu pisan, ra pedhuli asil saka korupsi.” Leren sedhela ngencengi sabuk tali rafiane kegawa wetenge kang tambah kelet jalaran durung kelebon sega najan mung sak upa. Nuli bacute sinambi tudang-tuding mlaku wira-wiri sentheyoran, “Jaman saiki apa untunge laku jujur? Paling mung dipuk-puk baune, antuk acungan jempol sarta saklimah pangalembana, bagus, bagus ....”

Kandheg maneh, ketara mikir-mikir. Tangan kiwa malang kerik sing tengen nyekeli bathuk, gresahe, “Yen Ipah sida tak pek bojo, Dirun ke-priye?” Ah, sambunge karo ninju angin, “Gampang, dijebloske wae me-

370

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010