Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/384

Kaca iki wis divalidasi

nyang buwen. Aku ngerti sapa Dirun kuwi. Wiwit cilik sregep nglatih driji-drijine njepit neker kaya bocah-bocah ra nggenah cedhak bengkel loko kae. Mbasan wis trampil saiki kasil dadi gembong copet. Anake gemrayah ana sadhengah papan. Ketoke alus klemak-klemek, nanging wengise ngungkuli ajag. Saben kurbane wani nglawan mesthi bakal dijongkongake saka ndhuwur sepur sing lagi mlayu banter ….”

Bali lungguh, gela-gelo kaya patrape bupati diadhep kambrat andhahane, kere ngengleng kuwi bali mbukaki bukune maneh. Weruh gambar wong-wongan loro lambene mrenges. “Iki Plenuk, oblo murahan. Dibayar rokok sak eler wae gelem. Jejere, genah si Nik, bukak warung wedangan cedhak titipan sepedha, dhemenane Polsuska Marijo ….”

Gagasane bali menyang Ipah. Beda karo Plenuk, Nik lan mbokmenawa wadon-wadon wengi liyane sing gelem nglakoni marga dibayar, Ipah nglanggati Dirun awit padha dene butuhe. Siji lan sijine padha olehe mangerteni posisine dhewe-dhewe. Kekarone sadhar yen dudu katresnan sing nggathukake. Nanging sesambungan kanthi lelandhesan rasa pangrasa diwasa kang tanpa nuntut apa-apa. Laku sedheng, jinah embuh apa istilah liyane sing trep kuwi dilakoni apa anane, ora neka-neka, apa maneh ndadekake rasa getun, keduwung sarta rasa dosa.

Kere tuwa kuwi nggresah. Mripate krasa arip, pandulune tambah sumrepet.

Lamat-lamat keprungu swarane jago kluruk. Dudu kluruke jago wiring kuning sing lagi kekeceh pletheking sorot srengenge ing bang wetan. Nanging kemruyuke cacing-cacing sajrone weteng kothong.

Bukune ora krasa ceblok saka tangane. Keser-keser kabur katut midite angin esuk, lan akhire dikukup dening para tukang sapu sing wiwit makarya, campur nyawiji karo uwuh-uwuh liyane ....

Isih repet-repet Plenuk wis mbanyaki gidro-gidro. Weruh sabregada Polisi teka numpak pikap patroli, pelanyahan stasiun kuwi mlayu salang tunjang. “Gropyokan,” jelihe. Wong-wong kang tanpa idhentitas kang isih nggloso ing emplasemen sakal padha njenggirat pating semburat. Krasa swasanane ora kaya sebaene, Dirun melu mencolot tanpa kober klambenan.

Ipah, karo isih stagenan mbenakake jarike sing mosak-masik, lon-lonan metu saka gerbong ndhongkrok kang dienggo dhekeman karo Dirun sawengi nutug. Clilang-clileng mripate weruh rada adoh sangarepe WC Umum kana ana rubung-rubung. Mara nyedhak, dheweke nyumurupi kere tuwa kuwi wis ora obah. Mati lungguh. Sawise dititi priksa, jisim kaku mau dening Polisi dilebokake kanthong mayit banjur diunggahake mobil patroli.

Ipah ngelap luh sing ngembun ing pojok mripate. Ana rasa kedu-wung. Upama mau bengi sesambate kere mau dipinangkani mbokmanawa

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

371