Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/386

Kaca iki wis divalidasi
TRAGEDI ING BANJARJUMPUT
Tiwiek S.A.

Ing teras gedhong BRI Unit iku jebul uga wis akeh wong kang padha antri. Sarehne ing kene ora ana palungguhane, sidane trima lesehan ing jobin porselin. Wikan Pinardi kang ora uman palungguhan ing ruang tunggu, rekane ya arep ngenteni neng teras kono wae. Mulane bubar numpuk buku rekening lan kartu rekening slip-Q, banjur metu lan golek panggonan sing sela. Kapinujon ana papan sela ing cedhak pilar. Gage wae pensiunan PNS iku mapan lungguh kanthi sendhen pilar.

Sawise guneman abang-abang lambe karo pawongan ing sacedhake, wusana milih meneng ngumbar lamunan. Nyut, kelingan jaman isih dhines. Jaman isih dhines ora ana critane gajian ndadak antri suk-sukan ana BRI kaya saiki. Anak buahe sing kapasrahan minangka juru gaji, saben tanggal siji awan ajeg wis ngadhep karo masrahake dhuwit gaji ing njero amplop. Dheweke mung kari nandha tangani SPJ. Ah, wektu semana! Nanging saiki wis mungkur. Ora ana gunane tansah dieling-eling.

Bawane angin esuk kang sumilir, suwe-suwe Wikan Pinardi krasa arip. Bola-bali angop. Mripate krasa pedhes. Kanggo nyandhet rasa ngan-tuke, sire arep menyat lan mlaku-mlaku, nanging wurung, awit duma-dakan ana pawongan tuwa sing ujug-ujug wis lungguh ana sandhinge. Pawongan kasebut nganggo surban lan jubah putih kaya entrane pandhita ing kethoprak. Wikan kober mbatin, aja-aja iki gek wong ora waras?

“Ngga, waosan ngge tamba sepi,” ujare pawongan kasebut karo ngulungake buku kumel. Buku tanpa samak iku ditampani. Diiling ilingi. Buku-ne pancen wis lawas tenan. Lungset lan lencu. Kertase wis salin rupa. Kuning kucem. Ditulis nganggo aksara Jawa! Rahayune Wikan isih lanyah maca aksara Jawa. Jebule buku kasebut mujudake antologi crita cekak. Sarehne wis tanpa samak, ora kawruhan irah-irahane lan sapa sing ngarang.

Mbaka salembar buku kawuk kuwi dibukaki. Wusana ketarik karo salah sijining irah-irahan: Tragedi Ing Banjarjumput. Aneh, buku kang wis kawuk tur katulis mawa aksara Jawa, jebul nggunakake basa Jawa ngoko gagrag anyar. Malah akeh kecampuran basa trend jaman saiki. Dheweke tansaya ketarik. Mula banjur miwiti maca.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

373