Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/387

Kaca iki wis divalidasi

Bale Pasamuwan ing Kadhipaten Banjarjumput awan iku ketara regeng. Ora maido, awit ing dina iku Bale Pasamuwan kasebut kanggo ajange tetemonan para demang sak kadhipaten. Ngene iki arang kadadeyan. Tegese ora biasane para demang sak kadhipaten nglumpuk. Kathik padha nuduhake polatan sumringah ngemu kabungahan. Pancen ora aneh yen para demang iku katon bungah. Awit—kaya uleman sing ditampa—dina iku nedya dianakake sosialisasi bakal cuwere Dana Bebantu Mligi (DBM) sing cacahe ana satus seket ewu dhinar. Cacah semono kuwi, kabare sing seket dhinar bebantu saka Kadhipaten Banjarjumput, dene sing satus dhinar bebantu saka pusat Krajan Hastinapura.

Swara gumrenggeng dumadakan sirep, bebarengan karo jumedhule paraga loro lanang wadon menganggo sragam dhines kadhipaten. Salah siji saka paraga kasebut sing lanang nggawa map soklat. Sajak tatag semu anggeb, sing paraga lanang mara nyaket menyang salah sijining demang kang lungguh sila ing poncot ngarep.

“Tulung, cathetn andher iki ubengna!” prentahe tanpa ngajeni. Bubar ngulungke map nuli bali nyaketi paraga sijine. Sabanjure paraga loro ngayer karo ngiderake panyawange. Kala-kala guneman pating klesik. Sauntara iku para demang wiwit ngisi cathetan andher kanthi gegiliran. Demang kang ngisi paling pungkasan nuli masrahake map isi cathetan andher kasebut marang si paraga lanang.

“Durung jangkep! Isih kurang paraga siji sing durung tapak asma!” wuwuse si paraga lanang sawise naliti cathetan. Para demang rada ongkrep. Pating plinguk sajak nggoleki demang ngendi sing durung teka.

“Demang Kisma Sumawur dereng dhateng, Ndara!” ana sing cluluk. Lan pancen bener. Demang Kisma Sumawur, Ki Nalarengka durung ana katon. Pawongan kang diundang Ndara kasebut sakala nyureng. Alise tepung.

“Sembrana! Diulemi tabuh sanga yahmene malah rung teka! Kuwi jenenge nyepelekake. Kamangka adicara iki mengko nedya dibukak langsung dening Kanjeng Adhipati Dursasana piyambak!” ujare sereng, emo-sine munggah. Para demang ora ana sing cemuwit. Kabeh tumungkul. Ning meksa ana sing bisik-bisik, “He, sing ra teka Ki Nalarengka, kok sing didukani awake dhewe, ya?”

Lagi ngono, katungka pawongan teka nganggo sragam demang. Tekane kusung-kusung, kringete mruntus. Lagi manyuk, langsung laku dhodhok karo nyembah. Kabeh kang andher padha noleh. “Ki Na-larengka,” keprungu swara pating klesik.

“Punetn ndalem sewu Ndara Menggung. Lepat nyuwun sih pangakasami. Dhateng kula kasep, awit kapal ingkang narik kreta kula ing margi dadak larat,” ature Demang Nalarengka karo nyembah.

374

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010