Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/388

Kaca iki wis divalidasi

“Rasah gawe alesan neka-neka! Liya wektu aja dibaleni maneh! Nyoh, iki cathetan andher, iki gage diisi. Pasamuwan sedhela maneh bakal kawiwitan!” tumanggape Ndara Menggung. Demang Nalarengka agahan ngisi cathetan andher, nuli mapan sila ing papan sing sela.

Let sedhela, Kanjeng Adhipati Dursasana miyos. Miyose kadherekake para panggedhene kadhipaten. Katon ing antarane Tumenggung Dursilajuti, kang tinuding minangka pangarsa Proyek Dana Bebantu Mligi (DBM). Kanjeng Adhipati dalah para panggedhe iku nuli mapan lenggah ing sasana kang cumawis.

Pasamuwan nuli kawiwitan. Pranatacara maca racikane adicara. Wusana ndungkap tanggap sabda. Kanjeng Adhipati Dursasana jengkar tumuju mimbar. Nuli sesorah. Wosing gati, taun iki, Parentah Nagari Hastinapura lan Parentan Kadhipaten Banjarjumput ngudhunake dana sing kudu digunakake kanggo ngrenovasi Bale Kademangan. Cacahe satus seket ewu dhinar saben kademangan.

“Dana kasebut kudu tumanja tenan lan ora kena bocor. Kanggo ngawekani anane kabocoran, Badhan Panaliti Kahartaan Nagari tansah ngawasi. Mula aja sembrana. Nganti konangan sida diukum abot,” ngono antara liya dhawuh sesorahe Kanjeng Adhipati. Para demang ngru-ngokake kanthi tumemen lan kebak kawigaten.

Rampung sesorah Kanjeng Adhipati langsung jengkar ninggalake pasamuwan. Wondene adicara bacute penjelasan tehnik ngenani DBM dituntun langsung dening Tumenggung Dursilajuti. Tumenggung pawakan gedhe endhek weteng njadhun sirah plonthos nanging brengos kandel iku njlentrehake langkah-langkah sing kudu dilakoni. Yaiku wiwit ngajokake proposal, mbukak rekening ing Pantihartaka, blanja bakal wa-ngunan, nganti kuwajiban asok upeti marang panggedhe kang kawogan.

“Dana iku mokal bisane cuwer tanpa ana cawe-cawene para pangarsa kang kawogan,” mangkono ngendikane Tumenggung Dursilajuti. “Mulane kowe kabeh ya kudu mangerteni. Tuladhane, Tumenggung Srakaharta, kadidene Pangarsa Bageyan Rancangwangun kang kudu ngrekomendhasi proposal, ngersakake bageyan liman presen. Njur aku dhewe, minangka Pangarsane Proyek, sing kudu wira-wiri Banjarjumput—Hastinapura, ngu-rus ika, ngurus iki, mosok arep dicangar? Aku ya njaluk bageyan limang presen. Njur proposal kuwi, mosok arep kok garap dhewe? Aku yakin kowe kabeh ora jegos! Mulane proposale kudu ndandakake. Ditanggung apik lan bener! Nah, aku wis nglobi marang pakare, saben sak proposal njaluk karotengah presen. Dana Taktis, kanggo njagani pengeluaran tak terduga, kudu disedhiyani karotengah presen. Sing pungkasan ....,” Tu-menggung Dursilajuti ora banjur mbacutake gunem. Pandulune kasa-watake marang para demang kang ndongong ngenteni bacute rembug. Wusana (rada lirih), “Kanjeng Pangeran Drembakusuma, minangka

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

375