Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/389

Kaca iki wis divalidasi

Penanggel Jawab Kendhalining Kawicaksanan Kadhipaten, ngersakake bageyan sepuluh preses.

Sakala iku banjur kaprungu swara gemrenggeng. Sauntara iku Demang Nalarengka epyoh ijir-ijir. Tinemune, dana sing ilang jalaran kanggo upeti lan liya-liyane nyandhak 23 presen utawa 34.500,00 dhinar! Cacah sing ora sethithik!

“Ndara Tumenggung, kepareng matur,” cluluke Demang Nalarengka dumadakan.

“Matur apa Demang Kisma Sumawur?”

“Ateges arta ingkang saget katanjakaken mangke kantun 115.500,00 dhinar?”

“Hiya, nanging lapuranmu ya kudu wutuh 150.000,00 dhinar padha karo proposal!”

“Wadhuh, punapa saget, Ndara?”

“Ya gene ora bisa?”

Demang ing Kademangan Kisma Sumawur iku katon bingung. Se-mono uga demang-demang liyane. Angen-angene sajak ora gaduk. Wong anggaran kalong sakprolimane kok lapurane kudu tetep wutuh. Kepriye genahe?

Weruh para demang sajak ora mudheng, Tumenggung Dursilajuti kepeksa njlentrehake.

“Rungokna dakkandhani! Peprincene kabutuhan bahan lan anggarane ing proposal mengko digawe standar, kepara dhuwur! Lha, kowe kabeh bisa ngakali kanthi blanja bahan kanthi kualitas, volume, lan rega sangisore sing ditemtokake ing proposal. Kanthi mangkono wangunan tetep maujud. Lha kowe kabeh isih isa netepi kuwajibanmu kaya sing daksebutake ing ngarep mau!”

“Punten ndalem sewu, Ndara, kula mboten sarujuk! Tumindak ingkang kados Paduka dhawuhaken kala wau sanget ngrugekaken nagari! Punika naminipun korupsi!” cumolot cluluke Demang Nalarengka. Sakala pasamuwan ongkrep. Tumenggung Dursilajuti ngrasa katampeg.

“Kena-kena wae kowe ora sarujuk! Nanging ya aja ngarep-arep DBM iki bisa mudhun ing kademanganmu! Awit aturan iki wis dadi kawi-caksanan!” pangancame Tumenggung Dursilajuti kanthi pasurnyan mangar-mangar.

“Mboten nampi inggih mboten napa-napa. Kawula ing Kademangan Kisma Sumawur taksis sagah mbangun Bale Kademangan kanthi swa-dana!” wangsulane Demang Nalarengka tetag lan gemagah. Banjur nyat, pamit mundur ninggalake pasamuwan tanpa ngenteni palilah. Swasana dadi nggekeng lan kaku!

Sapungkure Ki Demang, Tumenggung Dursilajuti ngawe ajudhane diajak nyisih. Banjur guneman klesak-klesik sajak menehi prentah. Embuh

376

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010