Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi

“Wis kana, dha ndhobela nek enek kene! Rasah sungkan-sungkan! Persediaan masih banyak!”

Kaya diuja nom-noman iku padha ngebut anggone mangan. Ana sing rong piring. Malah ana sing pirang-pirang piring nanging mung dijupuk daginge sapi thok. Karo padha pating cekikik nom-noman iku terus mangan sawarege kaya lagi ngluwari ujare.

Ibu-ibu sing padha nyumbang uga pating klesik karo telap-telep ngrahapi pasugatan.

“Nyumbang kuwi rak kari dokokane ya, Yu. Lha yen kedokokan amplop thok, apa ya kon mbalekke dhuwit? Donyane sapa?”

“Sssst …, aja seru-seru, yen krungu sing duwe omah …!”

“Halaaah, krungu mbok bene! Wong nyatane ana kok! Nek sing wedok kuwi ya gelem nyumbang, ning ora memper. Lha, nek sing lanang kae malah amplop kothong, kabeh wis dho niteni …!”

Bareng kothak sumbangan dibukak, wong loro iku njomblak. Sumbangane ora memper, malah akeh amplop sing isine mung kertas koran. Sastro Lentho njegreg karo nyawang sing wadon. Kosok baline bojone uga nyawang sing lanang semu nyalahake. Wong loro iku banjur padha tutuh-tutuhan.

“Mulane, dadi wong kuwi sing sregep njagong. Kowe kuwi lho Pak sing kebangeten, kesed jagong, mula ya kaya ngene iki undhuh-undhuhane…!”

Diwelehake kaya mengkono Sastro Lentho meksa isih wangsulan.

“Ha wong ya dina-dina saba pasar, awak kesel kok ya dikonkon njagong. Lha kowe kuwi kepriye olehmu nandur seprana-seprene, undhuh-undhuhane kok ora memper.”

“Dudu perkara kuwi Pak! Sing salah ki kowe! Ndadak nanggap sindhen RRI barang, saiki nek kelipetan ngene iki priye …?”

“Kuwi mono wis takniyati. Sapiku isih papat kae mengko dakdadekake dhuwit kanggo mberesi utang. Wis ra sah kuwatir …!”

“Duwe gawe wae ndadak ungkul-ungkulan. Wong Gini kae sregep, akeh srawunge, kok arep diungkuli …, ya gak isa!”

“His …! Crigis wae kowe kuwi mbokne! Pokoke utang-utang kuwi aku sing nyauri, aja crewet wae kowe!”

Sidane sapi dagangan cacah papat dibudhalake kanggo nyaur utang. Bubar kuwi Sastro Lentho prei wis ora mblantik, merga pawitane cures kanggo mantu. Yu Gini mung nggleges wae bareng krungu Sastro Lentho bangkrut. Donyane klakon mawut kanggo wragad duwe gawe ….

Jaya Baya, No. 39, Th. LIV, 27 Februari 2000


26

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010