Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/390

Kaca iki wis divalidasi

prentah apa. Sing cetha, bubar nampa prentah, si ajudhan gage ninggalake Bale Pasamuwan kanthi kesusu-susu.

Watara srengenge manjer, pasamuwan rampung. Para demang bali sowang-sowang ing kademangane dhewe-dhewe. Ing angen-angene cumithak kadadeyan kang nembe mungkur. Yaiku prakara mbalelane Demang Nalarengka sarta wanti-wantine Tumenggung Dursilajuti amrih ora mbocorake asile sosialisasi marang sembarang pawongan.

Dadak ing tapel wates kutha, para demang iku dikagetake ketemune kreta kanthi penumpang sing wis dadi layon. Kreta kuwi genah kreta Kademangan Kisma Sumawur. Lan penumpange sing wis dadi layon ora liya Ki Demang Nalarengka dhewe, kang bocor jajane ketaman keris pusaka mandi!

Tragis, demang lugu kang sedhela mau kanthi tatag nulak kawicaksanane panggedhene sing dianggep sulaya, saiki wis koncatan nyawa ....

“Pak Wikan! Pak Wikan, nika pun ditimbali!” Ana wong nggugah dheweke. Byar, Wikan Pinardi tangi gragapan. Gandrik, jebul keturon! Banjur plingukan sajak ana sing digoleki. Antologi sing mentas dakwaca lan wong tuwa sing nyilihi mau neng endi ya? Pitakone jroning batin. Nanging ora ana apa-apa lan sapa-sapa, kejaba pawongan sing lungguh sandhinge lan sing mentas nggugah dheweke iku mau.

“Nika, njenengan pun ditimbali,” ujari si pawongan mbaleni.

“Wah, yen ngono aku mau ngimpi!” grenenge karo menyat. “Mesakake banget nasibe Demang Nalarengka! Ah, tujune mung neng impen, dudu kanyatan. Tur dumadine ora neng kene, ning neng alam wayang, neng Banjarjumput!”

“Pak Wikan Pinardi ...!” panguwuhe pegawe BRI bageyan teller luwih seru.

“Oh, inggih, Bu ...!”

Jaya Baya, No. 38, Minggu IV, Mei 2009

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

377