Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/391

Kaca iki wis divalidasi
TRIYONO
Prasetyo D.

“Matur nuwun Dhik, untung sing nemokke sampeyan.” Tak dudut atusan ewu saeler, tak ulungke. “Iki kanggo jajan.”

Bocah limalasan taun iku gedheg njur nggeblas mancal sepedhane kang tanpa lampu miyak petenge wengi ninggal plataran omahku.

“Piye, Dhik? Wutuh?”

Bojoku mnathuk. “Isih Mas, mbok bocah mau susulen iki tak imbuhi satus. Nek panggah ora gelem, wenehna ibune wae.”

Rindhik lakuku ngetut mburi bocah lanang kuwi. Sengaja ora tak candhet merga aku kepengin ngerti omahe. Watara ana patang kiloan dheweke menggok gang mangiwa mandheg omah pinggir dhewe, nyendhekake sepedha ing tembok njur mlebu ngomah. Katitik saka carane mlebu, tanpa nganggo salam tanpa tolah-toleh, genah yen kuwi omahe dhewe. Aku mandheg sedhela nyawang omah kang katon surem iku, njur tak puter arahku, mulih.

Dina candhake sabubare sekolah aku mampir omah pinggir sawah kang cagak empere gripis kapangan rayap iku. Aku uluk salam, ora suwe ana wong wadon seket taunan metu njur manggakake mlebu. Praupane pucet sajak wedi. Aku mesem, “Bapak wonten?”

“Saweg dhateng sabin.”

“O inggih, sawen nembe wanci tandur, nggih. Sabine wonten pundi?”

“Namung buruh, Pak,” semaure isih panggah kaku, swarane rada gemeter.

“Ngaten Bu, kala wingi putra njenengan manggihaken dhompetipun tiyang estri kula, larene rak pun sanjang ta?”

“Dereng.”

Aku ngrogoh sak klambi ndudut amplop kang wis tak siapne njur tak seleh ing ndhuwur meja.

“Menika minangka tandha panuwun, damel jajane putra njenengan, sinten namine?”

“Triyono.”

378

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010