Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/392

Kaca iki wis divalidasi

“Menika namung tandha panuwun, sanes menapa-menapa menawi katandhing kajujuranipun. Niki wau larene dhateng pundi?”

“Wonten kamar.”

Wong wadon kuwi njur nyeluki anake, ning ora ana wangsulan. Diceluk maneh nganti ping pindho panggah wae. Wong wadon iku arep menyang memburi. Age-age ngadeg.

“Pun kersane,” aku njur pamitan mulih.

“Matur nuwun sanget, Pak. Matur nuwun.”

Bengi arep mapan turu, aku jagongan karo bojoku perkara bocah jujur iku.

“Sewu siji lho, Mas. Nemu dhompet isi dhuwit gelem mbalekake terus emoh disangoni ngono iku. Kira-kira ya mung Triyono kuw,” kandhane bojoku.

Terus keri-keri bojoku nduwe karep ngewang-ewangi nyekolahake Triyono, idhep-idhep ngrasakake ngopeni bocah merga ngancik limang taun omah-omah durung diparingi momongan. Aku dhewe ya mathuk.

Wis nem wulan anggonku ngrajut paseduluran karo keluwargane Triyono. Yen ana kalane tak sambangi karo nyangking oleh-oleh jajan, beras utawa gula. Kala-kala ninggali sanggu kanggo Triyono. Nyatane Mbok Bibit ya gelem nampani, lan nalika aku nembung kepengin ngrewangi nyekolahake Triyono, Mbok Bibit uga setuju, semono uga Pak Parju. Nalika tak gawakke TV Mbok Bibit prembak-prembik, seneng merga ora sah nangga yen arep ndelok sinetron. Yen kalane aku repot dulur-dulur kuwi padha teka saperlu rewang-rewang. Kerep wayah bubar sekolah tekan ngomah wis temata rapi, sega lan panganan wis cemepak ana meja. Pancen wis tak gawani kunci serep omahku. Mbok Bibit wis tak anggep kadi dene mbokku dhewe, semono uga Pak Parju lan Triyono, tak anggep kula-wargaku. Kena kanggo tamba sepine ati kang adoh saka sanak kadang iki.

Triyono. Bocah jujur kuwi dadi dalanku nemu sedulur. Ning ana siji kang tansah ngganjel ing pikiranku, deneya tekan saiki Triyono arang gelem guneman. Panggah anteng wae kaya dhek lagi sepisan ketemu kae. Ora ana ukara kang kawetu saliyane nggih, mboten, sampun, dereng. Yen kebeneran lungguh wong loro, aku lan Triyono, dheweke tansah katon rikuh kumudu ngalih. Yen dhong ngumpul-ngumpul ing omahku ora tau jenak, adate terus mulih ndhisiki ninggal pak lan mboke. Yen tak sambangi ajeg metu nglungani. Karo Triyono, aku durung bisa ngrasakake endahe paseduluran, kaya kang tak rasakake nalika kumpul Mbok Bibit lan Pak Parju. Rasane ana let anatarane aku lan Triyono, antarane Triyono lan bojoku. Wis makaping-kaping Mbok Bibit supaya ngandhani Triyono supaya ora sah sungkan lan rikuh, ning nyatane panggah wae. Tak coba nlesih neng kanca-kancane ing papan panggonane, Triyono kuwi jan-jane ya dudu bocah anteng. Malah yen pas bal-balan seneng nyrengeni kancane kang mung guder wae.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

379