Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/393

Kaca iki wis divalidasi

Takrasa pancen ana perkara kang disimpen Triyono ning perkara apa aku ora ngerti. Tak eling-eling lelakon kang wis kapungkur mbok Manawa aku duwe salah, ning ora ketemu. Ora marem tak jlimeti maneh siji mbaka siji, nganti mumet panggah wae buntet. Taktakoni bojoku, padha wae.

“Apa kira-kira Triyono kabotan karo paseduluran iki ya, Dhik?”

“Lha abote neng ngendi ta, Mas?”

“Isa wae Triyono rumangsa ora bebas, rumangsa nduwe utang nang awake dhewe, saiki sing ngontrol dudu wong tuwane thok, ning aku barang. Upama ngono tenan, apa kowe ra rumangsa kedosan wis njalari uripe bocah kuwi ora tentrem?”

Bojoku meneng, sajake ngakoni yen panemuku bener.

“Apa bocah kuwi nduwe masalah nang njaba kana ya, Mas?”

“Lha nek kowe takon aku, aku takon sapa?”

Bojoku mecucu maneh.

Sore tanggal enom bubar blanja, aku sakloron mampir. Pak Parju lagi lungguhan nang lincak pring ngisor sampiran klambi, sedal-sedul sinambi ngematke sidheme hawa sawise sedina muput kepanggang panase srengenge. Weruh aku teka njur ngadeg ngajak mlebu, dene bojoku bablas njujug pawon nyelehne gawan. Ora suwe Mbok Bibit metu karo njunjung lengser isi wedang telu, kopi loro lan teh siji. Sawise nyuguhake njur bali maneh menyang pawon, nggoreng tela apa gedhang kaya adate.

Wong telu jagongan nang ruwang tamu.

“Kula jan judheg tenan kok kalih thole niku,” kandhane Pak Parju nalika aku nyinggung perkara anake.

Mbok Bibit sing ngrungokake saka pawon nyaut, “Lha nggih ta, Pak. Bocah kok angel diatur, pun kula kandhani bola-bali kula ken sing biasa mawon kalih panjenengan, kok panggah mawon. Pun ditulung kok mboten matur nuwun.”

“Pun ta, mboten sah dipenggalih, namine nggih taksih lare,” bojoku kang semaur.

Watara seprapat jam jagongan ketungka tekane Triyono kang nganggo kaos werna kunir bosok kostum bal-balan timnas Landa lengkap sak sepatune.

“Le, kok gagah emen ta, kaya Nistelroy kae,” tak aruh-aruhi meng-kono bocahe mung mesem klincutan, malah jangkahe sansaya rikat, nyrunthul bablas menyang mburi.

“Tri, aduse kok seuwe emen ta?” Triyono ora semaur. Mbok Bibit njur memburi.

Pake Triyono nyusul.

380

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010