Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/394

Kaca iki wis divalidasi

“Tri. Triyono! Kupingmu kuwi budheg ta?” Pak Parju wiwit muntab. Ora ana sauran. “Bocah kok saya gedhe saya ra kenek diurus,” bacute. Banjur mubengi omahe karo bengak-bengok nyeluk Triyono, ning panggah wae ora ana sauran. Aku nututi memburi, bojoku melu-melu ngubengi omah nggoleki Pak Parju kang lagi nesu karo anake. “Pun Pak. Sampun. Sabar riyin,” coba tak arih-arih.

“Bocahe wis ilang, wis ben minggat sisan kana!” Pak Parju isih pang-gah muntab. Wong-wong kuwi njur tak ajak bali menyang njero omah. Tak kandhani yen ora ana sing salah, Triyono ora salah lan aku ya ora rumangsa disalahi. Sawisa takrasa kahanan wis adhem maneh, aku njur pamitan. Pak Parju lan Mbok Bibit takweling, aku bakal rumangsa salah yen nganti Triyono disengeni, apa maneh nganti dipulasara.

Sesuke nalika teka saka sekolahan, Mbok Bibit wis nang ngomahku. Aku rada kaget weruh mripate sing bithu-bithu ketara yen mentas wae nangis. Bojoku enggal-enggal takon.

“Ana apa, Mbok, sajake kok ana masalah?”

“Nggih, kula badhe matur, ning mangke mawon njenengan dhahar rumiyin.”

Sawise jenak anggonku ngaso, njur tak ajak Mbok Bibit lungguhan nang kursi ruwang tamu.

“Sakderengipun, kula nyuwun duka, Pak, Bu. Kula badhe matur, menawi dhompet njenengan ingkang ical lan dipanggihne Triyono rumiyin nika, estune yatrane mboten jangkep, wong pun dipendhet Triyono ...,” pedhot-pedhot nggone crita Mbok Bibit karo luhe dleweran nelesi pipine. “Menika yatra ingkang dipun pendhet Triyono, kula wangsulaken,” bacute karo ngulungake dhuwit.

Bojoku nyekethem tangane Mbok Bibit kang nggegem dhuwit seket ewu kuwi.

“Halah Mbok, ra usah! Dhuwit semene wae, wenehna Triyono wae,” bojoku nahan tangane Mbok Bibit.

Aku melu nambahi, “Wis lah Mbok, gawanen maneh. Triyono kuwi bocah jujur, temen-temen jujur, nggawa dhuwit sakmene wae kok ndadak dibalekne, kamangka aku ya ora ngerti,” aku nyoba ngedhem-edhemi.

“Mboten, niki wau pun niyate Triono.”

Wong tuwa kuwi panggah ngengkel. Dhuwit kuwi panggah didle-sep dlesepne menyang gegemane bojoku nganti bojoku ora bisa swala.

Dheweke banjur crita menawa dhuwit kuwi duweke Triyono dhewe. Pitung sasi kepungkur Triyono nggadhuh wedhuse Pak Iwanto, seminggu kepungkur wedhus kuwi manak loro. Triyono kebageyan cempe siji. Mau bengi pas aku mampir omahe, Triyono metu ngedol cempene nyang Pak Iwanto, didhuwiti seket ewu. Ya dhuwit kuwi sing saiki digegem Mbok

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

381