Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/396

Kaca iki wis divalidasi
DURNA-DURNA
Sartono Kusumaningrat

Dargo lungguh dhelek-dhelek ana emper omahe. Dina kuwi dhe-weke kapeksa pasa, ora udud. Krisis moneter ngontang-antingake nasibe. Sapa sing kudu disalahake ing mangsa lan kahanan sing kaya ngene iki. Ah, embuh! Dargo ora mudheng teori ekonomi utawa politik-poliyikan. Ngertine Dargo mung nyambut gawe, mblanja bojo, mblanja anake. Wis mung kuwi, liyane ora ana. Bareng saiki? Kabeh montang-manting kaya kuthuk kelangan babon.

Luwih nganyelake maneh, perusahaan papan nyambut gawene Dargo uga melu montang-manting. Kathik arep nyambut gawe wae ora ana sing ditandangi lan digarap.

“Yen ngeten niki njur pripun, Pak Direktur?” pitakone Dargo wektu iku.

“Lha, ya priye maneh. Order ora ana. Upama ana ya mung cilikcilikan. Bathine mepet banget. Jamane sarwa ngel, Pak Dargo. Aku uga judheg mikir kahanan iki. Kabeh barang wis ganti rega. Perusahaan iki suwe-suwe bisa bangkrut lan tutup, Pak Dargo.”

“Lajeng?”

“Ya wis. Tunggu wae kebijaksanaan sing bakal dirembug para ma-najer, kabag, lan direktur.”

Rapat ngrembug bab uripe perusahaan wis rampung, Dargo durung bisa ngerti, bab pikolehe anggone padha rapat. Dargo ngantu-antu. Dheweke wis judheg tenan. Saben dina katone menyang kantor, nanging yen ing kantor mung nganggur, Dargo rumangsa ora kepenak. Risi, pekewuh, tur wagu. Iki jenenge mangan gaji buta.

“Kula niki kedah pripun Pak Agus? Samenika mboten wonten peda-melan, kamangka kula kedah mangkat dhateng kantor mriki. Kula menika rak dhawah ewet ta, Pa Agus?” kandhane Dargo marang kepala bagiane.

“Rasah dipikir dhisik Pak Dargo. Sing wigati panjenengan tetep mangkat kantor dhisik. Perkara ora ana gaweyan aja digagas. Awit kahanane pancen kaya ngene kok. Arep ngapa?”

“Nanging perusahaan niki napa mboten rugi mbayari tiyang nganggur kados kula?”