Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/397

Kaca iki wis divalidasi

“Kiraku kok ya ora. Saiki rak wis akeh efisiensi. Akeh kanca wis di-PHK. Kantor wis ora langganan koran maneh. Ora ana bonus. Ora entuk nganggo telpun metu. Kertas bekas ora oleh dibuwang, semono uga kar-dhus. Wis, pokoke Pak Dargo lerem dhisik wae. Manut karepe perusahaan.”

Pak Dargo sejatine rada mongkog atine. Kepriye wae dheweke du-rung di-PHK, kamangka kancane sing wis kena PHK akeh. Dheweke tambah mongkog merga kaya-kaya kabage lan direkture isih nggondhele dheweke.

“Piye Pak, kahanan perusahaan?” pitakone Karsinah, bojone Dargo nalika Dargo lagi wae nyetandarake montore.

“Manjur tenan!”

“Sip ta?”

“Karang Mbah Kenci, kok ya!”

“Kowe kok ngerti-ngertine yen Mbah Kenci kuwi dhukun ampuh?”

“Lha ya saka kanca-kanca kok, Pak.” “O .... Kira-kira aku bisa munggah pangkat ora, Bune?”

“Lha ya embuh yen kuwi. Nanging kantormu rak mendip-mendip ta, Pak. Apa ya isih ngurusi unggah-unggahan pangkat?”

“Mbok manawa.”

“Coba sesuk tak takokne.”

Temenan. Sore kuwi Karsinah menyang papan dununge Mbah Kenci. Kawit biyen Karsinah pancen ora dieterake sapa-sapa yen menyang omahe Mbah Kenci.

“Apa maneh ta, Ndhuk?” pitakone Mbah Kenci karo mesem nalika nemoni Karsinah.

“Anu Mbah, Mas Dargo niku kepengin munggah pangkat. Sak niki rak taksih staf ta, Mbah. Piyambake kepengin dados kabag nggentosi Pak Agus nika lho, Mbah.”

“O ..., kuwi ta? Gampang. Sarate kembang telon, menyan wangi, pitik jago wido, rokok Dji Sam Soe, karo dhuwit selawe ewu.”

“Namung niku ta, Mbah?”

“He he he ....”

“Kok nggujeng ta?”

“Isih ana liyane. Biasa rak ya wis mudheng ta?” Mbah Kenci nye-ngenges njawil janggute Karsinah.

“Simbah niku mesthi ngoten lho. Ora ngrumangsani anggone dadi wong tuwa.”

“Rasah kemayu. Wong kowe kuwi ora-a kemayu wis ayu kok, Ndhuk.” Mbah Kenci nyiwel wetenge Karsinah. Karsinah sansaya lelewa. Karsinah api-api nampel tangane Mbah Kenci, nanging mripate mlerok karo mesem ngujiwat. Mbah Kenci sansoro kobar kekarepane.

384

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010