Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/398

Kaca iki wis divalidasi

Dina candhake Dargo bisa munggah pangkat temenan. Pak Agus di-PHK. Saiki Pak Agus mbukak usaha dhewe ana ngomah, bakulan beras, lenga, lan gula. Bahan kang klebu sembako kuwi larise pol-polan ing warunge Pak Agus. Klebu Karsinah dhewe kerep blanja neng warung kono. Ngiras pantes mbuwang tilas. Kareben ora kawistara yen dheweke ngrewangi bojone ngrebut dhampare Pak Agus kanthi srana ngelmu padhukunan.

“Anggone blanja kok mung sethithik ta, Bu Dargo?”

“Lho nggih kados pundi malih ta, Pak Agus. Kantenan kawontenan kados ngaten kok.”

“Lho, Pak Dargo rak sampun dados kabag ta?”

“Kaleresan kemawon menika. Pak Agus malah bikak usaha ageng, bathinipun tentu nderbala ageng ta, Pak?”

“Ah, iki ya mung kepeneran wae kok. Oh iki ana bathen sethithik Bu Dargo. Diasta pisan ya?” Pak Agus ngulungake tas kresek ireng. Karsinah arep nampik ora kepenak. Kapinujon wektu kuwi Karsinah entuk giliran keri dhewe anggone tuku ana warunge Pak Agus. “Wis rasah prekewuh. Diasta wae.”

“Matur nuwun, Pak Agus.”

Nalika mentas wae nyelehake blanjan ndadak krungu swara wong uluk salam saka pekarangane Karsinah. Age-age Karsinah metu mbukak lawang ruwang tamu.

“lho, Pak Agus? Kersane?”

Atine Karsinah tab-taban. Aja-aja wewadine kewiyak.

“Anu, Bu, ya mung sanja wae. Pak Dargo durung kondur ta, Bu?”

“Dereng. Kondure rak jam sekawan ta, Pak?”

“Lha iya. Sapa ngerti dheweke wis kondur gasik.”

“Dereng. Kantenan nembe jam setunggal ngaten kok. Lha Pak Agus jam semanten kok pun mboten tengga wande?”

“Wis ditunggu ibune bocah-bocah. Ora, Bu. Jarene njenengan asring sowan Mbah Kenci, apa bener?”

Karsinah ora bisa wangsulan sanalika. Ora ngerti kudu wangsulan kepriye.

“Ing ... inggih, Pak Ahus.”

“He ... he ... he ....”

“Kados pundi ta, Pak Agus?” Karsinah isih api-api tambuh.

“Aku wis ngerti kabeh kang wis njenengan tindakake, Bu Dargo.” Dheg! Karsinah ora bisa kumecap sanalika. Cetha menawa wewadine wis kewiyak. Karsinah ora bisa selak. Karsinah tumungkul kanthi kebak rasa isin lan setengah getun. Ora wani mandeng nyawang mripate Pak Agus.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

385