Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/399

Kaca iki wis divalidasi

“He ... he ... he .... Ora sah wedi, Bu Dargo. Aku wis nrima kok. Aku ora arep nuntut apa-apa marang panjenengan. Amung siji panyu-wunku.”

“Dhuh ..., Pak Agus, kula nyuwun pangapunten. Lajeng menapa panyuwunipun Pak Agus menika? Menawi kula saged nyembadani temtu badhe kula lampahi.”

“Ora angel, aku nyuwun pan-jenengan gelem ngladeni aku. Kaya panjenengan ngladeni Mbah Kenci. Piye? Aku wis suwe lho ngesir panjenengan.” Kandha ngono Pak Agus karo ngelus lengene Karsinah. Karsinah ndhungkluk karo ngulu mesem kang disidhem. Ana rasa mongkog ing atine Karsinah. Dhasar Pak Agus wonge bagus tur resik pisan. Ora ana eleke, ngladeni dheweke waton kabeh wewadine iki ora kewiyak.

“Pak Agus niku kok sembrana ta?”

“Ah, wong ayu kuwi pancen pinter lelewa. Nggemesake, lho!” Pak Agus nyaketi lungguhe Karsinah. Tangane ngrangkul pundhake Karsinah. Karsinah ora obah ora mosik. Sing tumus ing atine wong loro mau mung kobare nafsu setan kang mongah-mongah.

Kadadean kuwi dumadi marambah-rambah. Miturut Karsinah, sisan gawe. Wis nyabrang kali paribahasane. Mentas ya klebus. Mbacut ya klebus. Sisan mbacut wae. Sing wigati bojone isih tetep nyambut gawe. Bisa tetep mblanja. Bathi maneh dheweke bisa tambah-tambah saka Pak Agus. Ngiras pantes bisa maremake kanepsone.

Kaya padatan, awan kuwi Pak Agus lan Karsinah padha lelumban ing donyaning asmara. Kekarone nangguh wayah awan meneri lungane bojone Karsinah ana ing kantore.

“Piye Bu Dargo, panjenengan rak ya marem ta sesambungan karo aku?”

“Panjenengan iku kok mesthi nyebut nganggo tetembungan Bu Dargo lho. Mbok sing mesra sethithik ta.” Karsinah teturon ana dhadhane Pak Agus.

“Apa ngene iki kurang mesra?” Pak Agus ngarasi rambute Karsinah. Dumadakan lawang ngarep didhodhog uwong.

“Bu, Bu ...!”

“Wadhuh semah kula wangsul, Pak Agus,” bisike Karsinah. Pak Agus age-age nganggo sandhangane. Sinusul kesusune Karsinah anggone keklamben.

“Braaak!”

Krungu swara lawang didhobrak saka njaba. Pak Agus njranthal mlumpat jendhela mburi. Karinah age-age nemoni bojone.

“Mas, lawange kok mbokjebol?”

“Rasah crigis, endi malinge dak ajare?!”

“Maling apa ta?”