Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi
NGINANG
Trinil


Pitik-pitik jago wis padha kruruk rame rikala Sri ketekan impen. Wong adan Subuh ya lagi wae rampung. Ing impene Sri weruh ibune lagi nginang, nanging wong ibune Sri iku adate ora nginang, mula Sri gumun banget nyawang ibune ngemah-emah godhong suruh lan injet kruwes kaya wis kulina ngana kae, gek astane ibune ya katon ana jambe, mbako lan gambir. Anggone nginang nganti muncrat-muncrat saka tutuke, idu abang dleweran nganti njibrati agemane sing putih polos kuwi. Sri nganti mengkorog nyekseni ibune sing lagi nganeh-anehi, nginang nganti mendelik-mendelik kesereden, lekoh banget kaya-kaya bakal diulu-ulua kabeh sing diasta.

Sri geragapan saka bantere jabang bayi sing nyundhuli wetenge sajak ngerti yen ibune lagi ngimpi medeni mula kudu digugah. Nyawang anginangin ndhuwur cendhela sambi ngelus-elus wetenge, Sri rumangsa wis kerinan. Adate jam setengah lima wis sembahyang banjur mlaku-mlaku ngubengi omahe, nanging merga ngimpi mau marahi Sri aras-arasen medhun.

Lagi bar sembahyang keprungu Wasis nothok lawang. Sri wis apal yen bojone kuwi angger sakwulan pisan mesthi oleh tugas saka kantor ngladeni wong wayangan ing pendhapa kantore.

“Kok wis rampung ta Mas?” Sri takon karo ngengakake lawang.

“Iki mau wis kawanen kok, mbokmanawa malah sampeyan sing kerinan? Biasane yah mene sampeyan lak wis mlaku-mlaku?” Wasis takon.

“Iya, ngimpi nganti gragapan kok,” Sri crita sithik.

“Ngimpi apa se?” Wasis takon sambi nyopoti sepatune. Sri nyemayani mengko wae yen Wasis wis ilang kesele.

Wis rada surup srengenge nalika Sri lan Wasis tekan daleme ibune Sri. Sri wis ora bisa disemayani maneh jarene Wasis mau yen ibu diimpekake nginang kuwi ateges ibu lagi nandhang susah, mula Sri banjur bak-buk ngaturi ibune karo clingukan nggoleki.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

27