Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/400

Kaca iki wis divalidasi

“Maling dhapurmu kuwi! Dhasar wong wedok murahan! Obralan! Lowakan!” karo kandha ngono kuwi tangane Dargo kumlawe ngampleng Karsinah. Karsinah tiba glangsaran.

Ing njaban omah Pak Agus ora bisa apa-apa, awit wong kampung wis siyaga ngrangket dheweke. Ing kono Mbah Kenci ngadeg anteng karo mbanda tangan. Katon lambene mesem-mesem sajak kalegan atine.

“Bangsat kowe Mbah Kenci! Kowe kabeh sing ndurnani prakara iki! Awas kowe, Mbah!” Pak Agus bengok-bengok karo njola-njola ngluwari pangrangkete wong-wong kampung.

“He ... he .... Kabeh dumadi ya ora ucul saka pokalmu dhewe. Kowe ora gelem madeg karyawan maneh merga ngerti rong sasi maneh perusahaanmu tutup, banjur kalungguhanmu kawenehake Dargo. Pinter kowe, Gus. Nalika Dargo sengkut ing kantore, kowe sengkut ngunthuli bojone Dargo. He ... he .... Sing dadi Durno ora mung kowe, Gus. Na-nging aku ya wasis. Kowe lali Gus, ora ngoman-omani wong tuwa.”

Dhegh!

Ana swara kemlebug. Mbah Kenci ambruk. Ing kono Dargo njedhul miyak kumpulaning wong akeh karo nggawa penthung. Mbah Kenci ambruk merga digebug Dargo.

“Kabeh wis dadi Durno. Kabeh dadi culika! Penyakit!!”*

Djaka Lodang, No. 05, 3 Juli 2010

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

387