Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/402

Kaca iki wis divalidasi

Agus iki kanca sekolahku wiwit kelas 1 SGA. Wiwite kenal lagi acara Mapras (Masa Perkenalan Siswa). Wektu semono ing bengi penutupan, aku krasa sayah banget. Mangka wis jam 12 bengi, kos-kosanku rada ados saka sekolahan. Aku metu saka sekolahan metu lawang cedhak parkir sepedha. Bingung arep mulih karo sapa, arep mbecak ora nduwe dhuwit cukup, lagi mikir ngono ..., mak bedengus ana cowok nyedhaki aku.

“Arep kondur, apa Win?”

Lho, kok wis ngerti jenengku. Aku mung manthuk. Ndeleng klambine sing dinggo cowok kuwi uga isih kelas 1, kaya aku. Wong isih nganggo putih-putih, rambute dicukur semi plonthos.

“Aku, Agus ..., kelas 1A. Kowe Winarsih ta, sing atraksi pencak silat mau?”

Aku mung manthuk.

“Kos-kosane rak Karangkobar ta, kowe? Neng Gang I, aku neng Gang III, ayo yen kersa takterake. Iki wis bengi ..., ora patut cah wadon mlaku dhewe!”

Sidane bengi iku aku melu Agus mulih menyang kos-kosan. Aku dhewe kelairan desa Talagening, Bobotsari, Purbalingga. Agus kelairan Winduaji, Petuguran, Brebes.

Agus, kanggoku mujudake kanca sing apik. Wiwit kenal nganti nem sasi aku dadi siswa SGA akeh kawigatene marang aku. Rasa tresnane marang aku wiwitane kanthi ditulis ana ing majalah dhindhing arupa geguritan-geguritan. Suwe-suwe geguritan-geguritan sing cacahe ora kurang saka 15 lembar diwenehake aku sawijining esuk nalika mlaku bareng menyang sekolahan.

“Win, iki geguritan-geguritan mau,”

Aku uga manthuk lan mesem nglegani.

Geguritan-geguritan arupa tembung-tembung sing muja lan muji kembang mawar. Muja lan muji manuk kepodhang kang mencok ana telenging atine Agus. Sarta abure kupu kang kekitrang kepengin ngencup madune kembang pepujane. Aku pancen seneng maca geguritan-geguritan mau. Jane kepengin gawe geguritan kanggo ngimbangi geguritane Agus. Nanging saeba isinku yen nganti kanca-kanca ngerti sejatine Agus tresna marang aku.

“Njur kepriye yen kowe wis ngerti, Win, apa kowe ngimbangi tres-naku?”

Aku mung manthuk karo mesem. Kaya ngono wola-wali yen sabensaben ana kalodhangan sapatemon Agus mesthi ngomong, “aku tresna kowe Win!” Nganti kelas 2 SGA, Agus lan aku isih asring sapatemon, lan aku isih asring krungu, “aku tresna kowe, Win!” Sepisan wae aku ora tau ngomong “iya”, wangsulanku ajeg manthuk lan mesem.

“Win ..., aku bener-bener tresna marang kowe!” Tembunge Agus ngrerepa menyang aku, ing pinggire Kali Kranji, sing ana samburine

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

389