Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/403

Kaca iki wis divalidasi

gedhong SGA, kira-kira jam telu sore sabubare sekolah. Sapatemon iku mujudake sapatemon kang pungkasan aku karo Agus. Dina candhane ana warta yen Agus tiwas amarga kacilakan bis nalika mulih menyang desa kelairane Winduaji, Petuguran, Brebes. Aku mung nangis nganti njendhul mripatku. Telung dina aku ora sekolah amarga turu ana omahe wong tuwane Agus, minangka tandha tresnaku.

****

Nalika kelas telu, aku duwe guru anyar nembe diangkat, tamatan IKIP Yogya. Asmane Pak Agus Dwi Asmara, B.A. Satleraman pasuryane meh kaya Agus. Bedane Agus almarhum rambute disisir nengen, bareng Pak Agus, guruku, remane disisir memburi. Pak Agus Dwi Asmara, B.A. ngasta Basa Jawa. Malah ndherek regu karawitan sing latihane saben Selasa sore. Wiwit kelas siji aku wis melu latihan karawitan, latihan tari Jawa, kajaba latihan pencak silat, ulah raga sing minangka hobiku. Aku lan Pak Agus dadi sering ketemu.

“Wiwin daleme pundi?” pitakone Pak Agus sawijining sore rampung latihan karawitan.

“Anu, Karangkobar, Gang I, Bapak dalemipun pundi?” wangsulanku dak wanek-wanekake.

“Ora ..., Kangmasku sing daleme uga Karangkobar, Gang I, tau crita jare omahe kanggo kos-kosan putri siswa SGA ..., apa sliramu?” ngendikane Pak Agus karo nyedhaki aku.

“Kasinggihan Pak .... Dados Bapak rayinipun Pak Agus Dwi Anggono, ta?

Pak Agus ora wangsulan mung manthuk lan mesem, satleraman eseme kaya eseme Agus almarhum.

“Bapak dalemipun pundi?” pitakonku sepisan meneh kepengin ngerti daleme Pak Agus. Pak Agus ora cepet wangsulan malah paningale tajem nyawang aku. Aku rada kacipuhan.

“Nuwun sewu, Bapak dalemipun pundi?” Midhanget pitakonku Pak Agus kaget.

“Oh , oh, ya ..., omahku, aku durung duwe omah, isih nunut numpang yayuku, ana ing Kalibenda, cedhak kreteg Kali Kranji,” karo ngendika panyawange Pak Agus isih tumuju marang awakku. Sore iku Pak Agus ngagem clana soklat, kemeja putih tipis, sandhalan jepit. Senengane yen latihan karawitan ngasta slenthem.

“Oh ..., dalemipun Ibu Agus Asmarani, guru SMP 3, kidul nika?”

“He-eh, iya ..., aku, Mas Gono lan Yayu Rani, tunggal bapa lan biyung,” ngono wangsulane Pak Agus karo mesem, lan wis ora nyawang aku maneh. Tumungkul, astane mbenakake krag kemejane sing rada mendhuwur sethithik.

Latihan karawitan sing dilatih Pak Darma, staf TU, lumaku kanthi rancag, meh saben seminggu sepisan, Selasa sore. Telung sasi ana ing

390

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010