Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/404

Kaca iki wis divalidasi

kelas 3, kanca-kanca sing latihan, kelebu sing kelas 1 lan kelas 2 wis padha lancar nuthuk gangsa sanajan mung Ladrang Puspa Warna lan Ladrang Asmarandana. AKu kadhang-kadhang ya nyekel kenong, mligine yen lagi srepegan lan sampak amarga sing kajibah nuthuk kenong bocah kelas 1 durung patia trampil.

Amarga akehe kegiatan, mbaka sethithik aku bisa nglunturake rasa pangrasa wewayangane almarhum Agus. Apa maneh bareng asring latihan karawitan bareng karo Pak Agus Dwi Asmara. Tumplaking panga-ngen-angen sarta rasa pangrasa amarga asring ketemu antarane aku lan Pak Agus nuwuhake prentuling rasa kang seje. Dudu rasa antarane murid lan guru, nanging rasa antarane priya lan wanita. Aku rumangsa, Pak Agus minangka gantine Agus almarhum. Pak Agus dhewe, rumangsa yen aku minangka gantine Dyah Winarni, kanca kuliyahe ana IKIP kang seda ketabrak bis nalika nyabrang prapatan Wirobrajan.

****

Acara pepisahan siswa SGA wiwit jam pitu wis katon regeng. Aula SGA sing ukurane 9 x 40 m, rinengga reroncen kekembangan maneka warna, antara liya saka Bupati, Kepala Insarpralub, saka SMA 01 lan 02 Kota, sing kabeh ngucapake selamat “Wisuda” Lulusan SGA angkatanku. SGA panggonanku sekolah mujudake sekolah sing kawentar, amarga asring ngenekake acara gebyar seni, ora mung ing kota nanging uga menyang njaban kota, malah tau sepisan oleh undhangan Panggung Seni ing Tokyo kanthi sponsor salah sijining pabrik sepedha montor ing Jepang.

Sadurunge acara puncak wisuda, wiwit jam 07.30 dianakake panggung seni sumbangan saka SD-SD sing kanggo praktek siswa SGA. Aku dhewe kang uga dadi pelatih tari ing SD 04 Soka, panggonane praktek, nampilake tari Turangga Seta karo Bandabaya.

Jam 09.00 acara wisuda siswa SGA lulusan angkatanku diwiwiti. Rencanane sing dadi MC Pak Agus, nanging nganti jam sanga kurang limang menit, Pak Agus durung katon, banjur sing dadi MC Bu Aminah, guru BP. Aku olehe thingak-thinguk nggoleki Pak Agus nganti gulune ngelu.

“Gek ana apa, Pak Agus durung katon, mangka wingi ngendika yen arep tindak gasik ...?” ngono batinku wiwit goreh.

Acara sepisan, pembukaan, nomer loro sambutan saka Pak Bupati sing kepareng rawuh.

“Donyaning pendhidhikan iki banget pentinge tumrap panguripan. Awit saka iku, aku mung weling menyang para lulusan SGA, supaya besuk dadiya guru sing dhisiplin, bisa ditiru lan dituladhani dening muride. Aja kendhat anggone sinau, olehe nambah kawruh. Ngertiya, guru iku tugas sing mulya. Sapa wonge sing dadi pemimpin donya iki

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

391