Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/405

Kaca iki wis divalidasi

ora diwulang dening guru dhisik? Mligine guru SD. Guru iku sumbering ilmu, moral dan budi daya ...!”

Rampung pidhato Pak Bupati, olehe sing keplok ambata rubuh. Malah dening MC, Bu Aminah, Pak Bupati langsung supaya kepareng misuda para lulusan SGA. Rampung wisuda diselingi hiburan Tari Gambir Anom. Rampung tari, ndonga, dipimpin dening Pak Drs. Sumrah, guru agama SGA.

“Saderengipun adicara dipuntutup, keparenga kula ngaturaken warta dhuhkita keluwarga ageng SGA!” Para undhangan lan para siswa padha cingak lan padha meneng kabeh nalika Bu Aminah maca pengumuman. Olehe maca meh ora sida, amarga Bu Aminah mewek-mewek arep nangis.

“Inggih menika ..., Pak Agus sampun seda ..., amargi nalika badhe tindak dhateng sekolah sepedhanipun dipun tabrak trek, wonten celak Pasar Wage, Inna lillahi wa inna ilaihi rajiun!”

Swasana ing SGA Kota dadi geger, meh kabeh murid padha nangis, mligine murid-murid putri. Sebab, Pak Agus, kejaba guru mudha, uga disenengi murid-muride, apik olehe mulang lan gampang ditampa. Jan meh oga gampang nesu.

Aku dhewe, krungu kabar iku langsung ora eling apa-apa. Pande-lengku dadi kepyur-kepyur, kuning-kuning, kunang-kunang, terus makpet, peteng, semaput. Ngerti-ngerti wis ana ing kamar omah kos-kosanku, Karangkobar.

****

Sawise diangkat dadi guru SD, aku langsung kuliyah ana ing IKIP swasta sing kuliyahe sore. Telung taun lulus sarmud. Arep kuliyah sarjana (S1), ing kuthaku durung ana, mula aku kuliyah ana ing Jogja, sing kuliyahe saben Setu sore lan Ahad esuk. Wewayangane Pak Agus saya dina saya tipis, malah bisa diarani ilang nalika aku ketemu karo Pak Agus Djatmiko, salah sijine dhosen swasta.

“Bu ..., piye nek Bu Wiwin dadi bojoku?” pitakon mau wis liwat sapatemon kang mbuh wis ping pira. Pungkasane aku gelem dadi sisihane Pak Agus Djatmiko, sing wektu semono dhudha pegat. Pak Agus Djatmiko iki asli Muntilan dadi salah sijine dhosen Kopertis ing kuthaku. Sadurunge aku gelem dadi sisihane, Pak Agus Djatmika nanting aku, “Win ..., kowe gelem nampa aku apa anane?”

“Ehe, iya ..., Mas. Aku bisa nampa Mas Agus apa anane!”

Aku banjur dirangkul, kenceng, kenceng banget. Mangka wektu semono lagi sapatemon ana ing sawijining terminal bis. Nyatane nganti umurku sewidak taun, aku bisa urip bebarengan karo Pak Agus, dhudha pegat amarga ditinggal slingkuh karo rewange, sing luwih enom lan luwih nggantheng, tinimbang Pak, eh, Mas Agus Djatmiko, senajan mung sopire tilas bojone. Sing cetha, tumeka aku pensiun, Mas Agus malah durung

392

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010