Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/407

Kaca iki wis divalidasi
KEKESING ANGIN TELUK VENESIA
Sutrisna Hari


Wis telung dina iki pelukis Ambrusius nginep ing Venesia. Kutha teluk sing dibangun ing sandhuwuring banyu segara, kang dadi salah sawijining pangeram-eram saka jaman Romawi. Kejaba kepengin nglukis sesawangan teluk kang endah, lan bangunan-bangunan ngemu sejarah, Ambrusius uga kepengin ndherek misa ing Minggu ing greja tuwa, kang omah loncenge kanggo nyusuh atusan manuk dara.

Ambrusius lagi wae ngrampungake gambar sketsa greja tuwa Venesia iku, nalika ana prawan rambut brintik ngajak mesem, karo mundhuk-mundhuk nyedhak ing sisihe Ambrusius.

“Kangmas saking Indonesia?” pitakone mau grapyak, nganggo bahasa Indonesia logat Maluku.

“Kok Diajeng, priksa?” pitakone Ambrusius.

“Nitik saking lambang garuda ing topi baret panjenengan.”

Ambrusius mesem. Pancen topi baret ireng kang dipasangi lambang manuk garuda, iku prasasat dadi seragam wajiben, saben-saben Ambru-sius lunga menyang njaban rangkah. Uga emblem abang putih kang cumanthel ing gulon klambine kang rada lungset.

“Kula ugi saking Indonesia, Kangmas! Kula Frederika Tahitoe! Asma Kangmas, sinten?”

“Ambrusius Daryinta! Kula saking Ngayogya, Jeng Rika?”

“Oh, saking kitha gudheg! Kula saking Maluku, Mas. Wetawis enem kilo meter saking kitha Ambon.”

“Jeng Rika rawuh minangka turis?”

“Boten! Sampun meh kalih taun Rika nyambut damel wonten mriki. Jagi kafe alit kagunganipun paman. Punika lho, kafe sakcelakipun dhermaga prahu gondhola, ingkang tendhanipun ijem.”

“Ingkang celak toko souvenir?”

“Leres! Mangga ta, Mas Ambrus mampir! Nglukisipun rak sampun rampung, ta? Mangke dalu malem Minggu, lho!”

“Nanging kula mboten ngopi, Jeng Rika!”

394

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010