Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/408

Kaca iki wis divalidasi

“Sampun kuwatos! Mangke Rika aturi the nasgithel, karemanipun priyayi Jogja. Gratis! Rika remen sanget, pinanggih sedherek satanah wutah rah, Mas.”

“Wadhuh, sampun tigang dinten kula mboten nyruput teh, Jeng. Kaleresan!”

Wong sakloron banjur mlaku runtung-runtung tumuju kafe. Manuk-manuk dara pating bleber, sajak melu sigrak mrepegi rembulan kang arep ndhadhari. Angin teluk Venesia tumiyup rada banter, nyempyokake rasa kekes ing awak. Perahu-perahu godhola katon padha lunjak-lunjak katiup ombak segara. Srengenge wis angslup, ing wayah sore sing langite abang mbranang.

“Jam pinten kafe Jeng Rika, tutup?”

“Menawi malem Minggu ngaten wetawis jam sanga, Mas Ambrus. Dinten biasa jam pitu. Amargi sasampunipun jam pitu, teluk menika sepi. Kejawi setunggal kalih tiyang ingkang sami mancing.”

“Jeng Rika sare wonten kafe?”

“Dalu menika inggih! Kaleres paman mboten saget mapag. Kejawi menika Rika ugi badhe ndherek missa wonten greja antik menika.”

“Sampun dangu Jeng Rika bikak kafe?”

“Dereng setunggal taun! Paman bikak kafe supados Rika gadhah kesibukan. Mboten nglangut kemutan papi, mami, lan adhik Rika ingkang sampun mboten wonten. Dados korban ontran-ontran ing Maluku, Mas Ambrus.”

Ambrusius kaget. Nanging Rika wis kebajut njranthal, age-age mbu-kak pintu kafe, banjur nyeret kursi penjalin loro. Sawise ngacarani Ambru-sius supaya lungguh, Rika banjur upleg nyiapke teh nasgithel.

“Mas Ambrus sare wonten pundi? Wonten teluk riki, punapa wonten Hotel Siranda ing dharat?” pitakone Rika karo ngladekake teh, lan banjur lungguh adu arep karo Ambrusius.

“Wonten penginepan alit celak pabrik gelas tiup, objek wisata Venesia punika lho, Jeng.”

“Oh, punika pancen penginepan para seniman, Mas! Kacriyos William Skakespeare ingkang ngarang buku Sudagar Venesia, nate nginep wonten riku.”

“Nyuwun sewu Jeng! Dados papi, mami, lan adhik Jeng Rika, punika sami dados kurban prastawa Maluku?” Frederika Tahitoe sanalika ndhingkluk.

“Sorry Jeng! Menawi kula ngungkat-ungkat ingkang sampun keda-dosan!”

“Boten menapa, Mas! Nanging tehipun enggal dipun unjuk. Katiup angin teluk Venesia, mangke cepet adhem.”

Ambrusius nyruput teh saclegukan. Banjur ngetokake rokok, kepengin kebal-kebul kaya padatan.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

395