Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/409

Kaca iki wis divalidasi

“Papi Rika seda, jangganipun katigas samurai, Mas! Mami seda dipun ideg-ideg, sasampunipun dipun cecamah rame-rame. Dene adhik Rika seda dipun tembak. Karana sampun lola, Rika lajeng ndherek paman ingkang sampun dangu migrasi dhateng Itali.”

Ambrusius njegreg, melu trenyuh.

“Kenging menapa sesami umat ingkang gadhah keyakinan agami kok saget udreg-udregan, ngantos nimbulaken banjir rah, Mas Ambrus? Malah wonten ingkang merjaya sesami.”

“Gusti Ingkang Maha Asih tamtu mboten nate paring prentah kados mekaten, Jeng Rika.”

“Kenging menapa tiyang ingkang benten agami gampil predondi, Mas Ambrus?”

“Amargi umumipun tiyang menika gadhah sikap fanatik. Saengga gampil mitenah, lan kirang saget ngurmati keyakinan tiyang sanes.”

“Kenging punapa tiyang gampil fanatik, Mas Ambrus?”

“Amargi sikap dogmatis! Kathah tiyang anggenipun nampi ajaran agami naming dipun leg mentah-mentah, tanpa kamenepaken wonten salebeting batos, tanpa linambaran sikap kritis, Jeng Rika.”

“Kenging punapa tiyang menika gampil nggadhahi sikap dogmatis?”

“Karane kirang pendhidhikan, Jeng Rika.”

“Nanging kok kathah tokoh agama ingkang pendhidhikanipun inggil, malah dados provokator ing prastawa Maluku?”

“Tiyang ingkang pendhidhikanipun inggil punika dereng tamtu pinter, punapa malih wicaksana, Jeng Rika. Kejawi punika, sedaya tiyang kasinungan nafsu lan ego, ingkang mboten gampil dipun kendhalekaken!”

Frederika Tahitoe unjal ambegan. Ambrusius nyruput teh, banjur ngebulake asep rokok. Saka sawijining toko souvenir, swaraning lagu-lagu klasik lamat-lamat ngumandhang.

“Dalu punika Mas Ambrus taksih sare wonten riki?”

Lho, inggih. Kula kepengin ndherek misa wonten riki, Jeng.”

“Menawi mekaten kita sesarengan, Mas! Supados Rika boten keranta-ranta, tebih saking tanah wutah rah.”

“Jam pinten kula papag, Jeng?”

“Prayoginipun sampun ngantos kesiangan, Mas. Mindhak boten pikantuk kursi. Grejanipun namung alit.”

“Sauger Jeng Rika janji, badhe ndherek misa kanthi raos pasrah ing Ngarsa Dalem Gusti. Boten tansah emut ingkang sampun kapundhut.”

“Mugi-mugi, Mas!” wangsulane Rika karo nganpet tumetesing luh.

Pelukis Ambrusius nggecek tegesan rokok ing asbak, karo unjal ambegan. Mripate melu kembeng-kembeng, nalika nyumurupi prawan kurban ontran-ontran kang kabuncang tekan Venesia iku, pranyata ora bisa nahan runtuhing luh.

396

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010