Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi

Jebul ibune lagi muwun. Lha, rak tenan ta, batine Sri. Wasis mesem banjur metu saka kamare ibu mara tuwane saperlu milih acara tivi neng mbale. Sri banjur nyedhaki ibune sing lagi sesenggrukan kuwi ing kamar.

“Menapa ta Bu, sing marahi susah niku?” Sri takon sakbisane merga wis kudu melu mewek wae yen weruh wong nangis.

“Aku wis gak kuwat Sri ngempet sakmana suwene. Kowe kathik nelpon barang ngarani aku kaya kesudhet terus mbledhos ae. Saiki bakal dakbledhosna kabeh isine atiku nang kowe Sri, tapi gak usah ngandhani masmu Jakarta, soale iki masalahe wong wedok.”

Sri manthuk-manthuk banjur ngematake ibune sing crita karo ngelapi luhe.

Genahe ibune Sri kesinggung marang pasrawungane Bulik Camat marang bapake Sri, Angger sambaing Sidoarjo mesthi ora karo Pak camat. Mengko yen kondur ben diterke bapake Sri. Yen ngaturi ora Pak maneh, nanging ganti Mas. Angger kirim apa-apa mesthi saka “Ibu Blitar! Saka Ibumu Blitar!” Gek mengko yen bapake Sri dhines Blitar mesthi nelpon Sidoarjo, “Mbakyu, Mas sampun diaturi nyare hotel saestu lho, nyare griya Blitar mawon, kula masakaken karemenanipun Mas!” Ibune Sri yen nirokake Bulik Camat karo diendhel-endhelake merga ibune Sri pancen ora endhel. Nanging sing paling gawe gemese ibune Sri ya mung siji kuwi, yakuwi saben tindak Sidoarjo, ibune Sri dipenging tandang gawe kanthi alus dening Bulik Camat. Jare mesakake mengko yen kesel mengko gerah, banjur Bulik camat ngasta dhewe dhaharan, unjukan utawa camilan. Nglithuk ana pawon, mengko yen wis rampung ibune Sri diaturi, “Mbak, menika unjukanipun Mas, menika penjenengan, menika dhaharanipun Mas,” kaya-kaya Bulik Camat kuwi wis resmi dadi anggota keluwargani ibune Sri.

“Rumangsane aku iki apane, gek dhekne kuwi apane bapakmu?” ibune Sri munggel critane merga luhe wis ora kena dibendung maneh.

“Inggih sampun Buk, panjenengan tetagaken muwunipun. Kula tak mendhet toya rumiyin nggih?” Bubar kandha ngono Sri mlebu banjur njupukake unjukan kanggo ibune merga kelingan jare wong-wong kae yen nangis ora bisa meneng kuwi warase diwenehi ngombe. Dheweke uga kelingan rikala tingkeban dhek wingi kae Bulik Camat uga rawuh, uga ngeyel melu nggrujugi Sri lan Wasis nganti glagepan merga setengahe Sri ora gelem, wong ora ana sambungan getih kok. Lan anehe kabeh dulur misanan utawa mindhowane Sri sing uga karyawane bapake Sri ing CV sing dipimpin bapake Sri kuwi kok ya kerep dikirimi oleh-oleh dening Bulik Camat kanthi pesen sing padha yakuwi “Saka Ibumu Blitar” kamangka kabeh misanan lan mindhowane Sri kuwi yen ngaturi bapake Sri uga Bapak, merga sing mimpin CV lan pancen mbapaki.


28

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010