Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/411

Kaca iki wis divalidasi
KEWIRANGAN
Is Sarjoko


Mulih saka rewang nggone Lik Ijah, Yu Sarinem nyalini sega iber-iber karo gumremeng. “Wah, le ewuh dikayang lho Pakne, sing nyumbang akeh banget, wong olehe nyebar ulem ya pol.”

Karja, bojone sing lagi saka sawah, mangsuli, “O, lha ya lumrah ta mbokne, wong marung jega jangan luwih maprah-maprah, lengganane sing jajan ya akeh, dadi ya ora mokal yen sing nyumbang akeh.”

“Kowe kuwi jare rewang, kok wis mulih mbokne?”

“We lha...iki apa, dikon ngulihi sega (iber-iber) sing padha rewang. Kene, kowe ki gek madhang pisan pakne, wong aku ya njur arep bali,” kandhane Yu sarinem. Sawise njupukake ajang bojone, Sarinem njur gage bali rewang neng nggone Lik Ijah sing supitan.

Iah mono randha enom, biye bojone guru SD, ngajal telung taun kepungkur, jarene dhokter gagal ginjal. Ditinggali anak lanang siji lulus SD sing saiki disupitake. Wiwit isih sing lanang biyen, Ijah ora mung seneng dadi wadon sing bisane mung nyadhong bojo, ning ubet, emoh nganggur. Anak cilik disambi-sambi bakulan gula teh lan kebutuhan pawon didhep ana ngomah. Bareng anake wis rada gedhe, banjur reka-reka dodol bubur, sega jangan pendhak esuk, sing jebulane laris. Saiki wis randha, apa maneh, rumangsa tanggung jawab dhewe marang anake, ya senajan ditinggali pensiyun, ning nyambut gawene saya sengkut.

Dhasar omahe ngadhepke dalan gedhe, mula ora tanggung-tanggung olehe marung sega digedhekake. Saiki yasa bangku-bangku dawa lan lincak dawa sedhiyan kanggo wong jajan sing ngiras ana kono. Saiki dagangane tambah wedang, ya teh, ya kopi, ya jjeruk. Semono uga lawuhe ana endhog, iwak pitik, iwak banyu, ngolahe uga pirang-pirang werna.

Warunge Ijah dadi laris lan kondhang merga masakane mirasa, dhasar sing dodol ulate bening lan grapyak sumanak. Saiki sing jajan kebak-kebak, uga banjur dadi ndheg-ndhegane para sopir sing kepingin ngisi weteng. Ing ngarep warung jentrek mobil sing diparkir.

Warunge ijah terkenal kanthi sebutan “Mbok Randha”. Sebutan mau, Ijah dhewe ora ngerti. Ijah tansah mbudi daya gawe enak lan kepenake

398

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010