Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/412

Kaca iki wis divalidasi

sing padha langganan jajan. Malah sing wis kulina, ngebon wae ya dilayani kanthi apa mesthine. Esthining ati ben warunge tetep rame saka akeh lenganane. Bathi sithik, ning lancer. Yen jam pitu bengi tutup, kena dipesthekake yen dagangane entek. Ijah ndelokke uripe Yu Sariyem sing anake lagi sumega kuwi krasa welas, mula nalika esuk tuku bubur ditakoni karo Ijah, “Esuk iki kongkon uwong ora Dhe?”

“Esuk iki durung ana wong kongkpon gaweyan,” wangsulane Sarinem blaka.

“Ana apa ta, Lik Ijah?” Sarinem nerang.

“Ngene lho, Dhe, nek sampeyan ki gelem, mbok ngrewangi aku wae. Ning ya kuwi saka esuk tekan sore tutup.”

“Mengko manganmu sabrayat ana kene, kaya nek jajan ngiras kae. Deene, sasene mengko isih takrukun sedina limang ewu. Ya mung sithik, Dhe. Ning sampeyan rak wis ra mikir laden. Dhe Karya lan anak-anakmu piye?”

“Yan gene Lik Jah, aku takrembugan dhisik karo bapakne. Nek aku mono gelem lan seneng wae. Manehe, nek aku sabrayat wis mbok ingoni, dhuwit entuke buruh-buruh bapakne rak kena kanggo tuku apa-apa,” kandhane Sarinem bungah.

“Ya wis ngono wae ya dhe, nek dhe Karya entuk, ya terus wae rene nyambut gawe.” Sarinem mulih kanthi ati bungah, dhasare ngerti aten-atene ijah sing apikan, polos, lan lugu.

Bardi, najan mung anak lanang siji ning didhidhik nyambut gawe ngrewangi karepotane embokne. Warunge Ijah saya rame, apa maneh bareng saiki sarinem ngrewangi ana kono, panganan camilan tambah pepak kayata: mendhoan, tahu susur, combro, cemplon, klenyem, lan isih ana maneh.

Saiki gaweane Ijah mundhak entheng, tur ngingoni wong sabrayat ya ora krasa. Sasat mung katut kono, tur isih entuk bathi akeh. Jare ya pancen ngono kuwi wong bakul ratengan, kepepete ora entek (wudhu) ning marahi lemu. Lengganan sopir-sopir akeh sing esuk sore ajeg andhok ana kono. Kejaba enak, sinambi ngresepi awangan endah, ya bakule si randha kempling sing sumanak murah esem.

Ing antarane sopir-sopir iku ana sing getol tenan nyedhaki ijah kepara mepeti. Sardula jenenge. Dheweke juragan dhele sing yen setor nganti kwintal-kwintalan. Kerep banget warunge Ijah ditinggali, jare dikon nggawe peyek supaya dagangane luwih pepak. Sakawit, Ijah ya mung seneng wae lan ora lali matur nuwun awit ngerti nyatane paweweh mau rak mung ora mingsra, tumrape juragan, sing dagangan akeh lan gedhe.

Kejaba kuwi, Pak Sardula ya tetep nukokake oleh-oleh rupa buah-buahan. Jare kanggo bardi, anake. Saking kerepe, Ijah sok rumangsa kewuhan, kaya kepotangan budi. Mula, kanggo males, Ijah tetep

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

399