Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/413

Kaca iki wis divalidasi

mbungkusake lawuh-lawuh kanggo ngomah keluwargane Pak Sardula. Olehe menehake karo kandha.

“Iki Mas, tahu tempe lan rempela bacem kanggo lawuh mbakyu lan bocah-bocah neng ndalem.”

“Mbak wis ta dhik Ijah ora sah. Ngomah ray a wis gawe lawuh,” wangsulane Sardula rekane arep nolak. Ning Ijah semu meksa.

Awit wong kuwi yen mung seneng terus diwenehi ketoke kok saru. E, yak ala wanci gentenan ngewehi. Dadi, neng ati rasane penak, jeneng ora banget kedunungan. Sardula saya krasan andhok ing warunge Ijah, rasane kok kaya wis dianggep batih. Emane, sikape Ijah sing nyumadulur njalari ati lanange Sardula sing pamncen thukmis iku kumat. Kerep wae Sardula clometan guyon parikena, ning Ijah ora nggape lan ya ora krasa. Tangkepe tetep apik lan sumanak kayadene marang para kabeh langganan sing andhok ing warunge.

Wancine wis jam pitu kliwat. Mbokdhe sarinem rampung asah-asah njur pamit mulih. Dina iku dagangane laris klaretan lan Ijah ya wis kesel. Rekane arep tutup warung. Mung wae ing njaba keprungu panggerenge trek mandheg. Batine Ijah ora seneng. “Ah… yah mene arep ngapa, wong ya wis ra duwe apa-apa, panganan wis entek guris.”

Tanpa kula nuwun, wong sing seka njaba mlebu. Ijah rada kaget ning ya mung sedhela bareng ngerti yen Sardula.

“Wis ora duwe apa-apa kok, Mas, entek-entekan. Iki aku malah wis arep tutup,” sing dijak omong malah mapan lungguh karo ngguyu mlengeh.

“Beneran, dhik, yen arep tutup, aku takleren neng kene sedhela. Entek panganane ya ra papa, janji isih sing duwe warung. Jajan larang ya ra papa, peneran dina iki aku nggawa dhuwit akeh...iki dhik...nya!”

Karo ngulungake dhuwit, tangane kiwa sempat njawil janggute Ijah. Ijah kaget mundur karo kandha, “Dhuwit apa kuwi, Mas?”

“Ya dhuwit tenant a, dhik. Wis kuwi peken kabeh, ning aku...”

Sardula nyedhak karo arep ngrangkul Ijah. Tangane diduwa kasar, nglungani karo kandha, “Sampeyan arep ngapa Mas? aku dudu wanita lanyah, sing doyan dhuwit, soroh awak lan ajine dhiri. Aku golek dhuwit srana bebakulan bukak warung.” Krungu tembung pedhes kaya ngono mau, Sardula ora gigrik, ning malah nubruk Ijah njur diruket kenceng.

Ijah kaget kepati, ora kejarag mbengok ngundang anake, “Bardi..Bardi... iki Le, simbok tulungana. Bardi sing lagi sinau, krungu panjelihe embokne semparet mlayu marani. Weruh embokne udreg-udregan dikekep wong lanang, Bardi bengok-bengok ngundang Pak Dhe Sura lan Lik Siman sing omahe kulon lan wetane warunge Ijah. Wong loro sing tekane mlayu isih krenggosan, ning Sardula wis ngeculake mangsane sing bangga, lungguh dhelog-dhelog ing dhingklik. Dene Ijah wis ana pojok warung cedhak anake. Cahyane pucet, kringete gumrobyos.

400

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010