Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/414

Kaca iki wis divalidasi

Weruh wong dha teka sing arep tetulung, Ijah bali kekuwatane banjur theng-thengan karo nuding-nuding Sardula tembunge, “Niku ta Kang Sura, Lik Siman! tiyamng niku ajeng ngrudhappeksa kula, ajeng seneng, ning kula mboten purun. Niku mang takoni wonge?” krungu Lik Ijah nyenthe-nyenthe, regudug wong padha teka ing warunge, saya nambahi Sardula kepojok lan ora wani obah.

“Inggih napa, Pak?” pitakone Pak Sura lan Lik Siman meh bareng.

Disekseni wong akeh, Sardula manthuk karo mamngsuli lirih, “Enggih.” Pak Sura numpangi gunem, “Ha sakniki pripun? Samppeyan kleru lan luput.

“Inggih kula nyuwun pangapunten kalih Dhik Ijah, lan kula janji boten badhe tumindak malih,” sumaguhe Sardula.

Pak Sura ganti ngawasake Ijah karo takon, “Piye sampeyan, Lik Ijah?”

“Inggih, kula apura Dhe Sura, Kula ajeng ngomong sakedhik kalih Pak Sardula niku.”

“He, Pak Sardula, wong wadon niku ampun digebyah-uyah, sing padha asine. Wong niku watake beda-beda. Kados kula niku randha...ning kula boten wong gampangan kapilut dhuwit soroh raga. Kula sanes wanita sing kendho tapihe. Kula boten purun disewa, dituku, saudhon, saurupan kados barang. Jeneng sampeyan mpun ngarani Sardula sing tegese macan. Ning sampeyan ampun galak kalih wong wadon sing dudu wajibe. Pripun nek sampeyan ganti jeneng mawon kajenge boten galak kados macan.nek kalih wong wedok?” kandhane Ijah teteh. Wong-wong sing krungu padha ngguyu pating cekikik. Sardula ndhungkluk isin.

Ora ngira babar pisan yen sore wengi iku dheweke bakal kewirangan ana ing warunge Lik Ijah. Randha kempling sing ketoke lomah-lemeh, mersanak, murah esem iku jebul wingit, galak, lan giras, ora gampang dicekel.

Salawase iki durung tau Sardula methuki wadon sing bakuh lan kukuh kaya tugu wsi. Racake wong wadon, luwih-luwih sing kekurangan, semrinthil yen dietek-eteki dhuwit atakan senajan lirune masrahake aji-ning dhiri. Mangka wong lanang mono nganti kena dienggo tetembungan sing unine, “ Keh-akehe wong lanang gedhe gorohe,” senajan iku mung mujudake tetembungan, ning kena digerba yen akeh kakung sing seneng goroh tinimbang putri.

Sardula isih ndhingkluk dirubung wong akeh, banget anggone isin lan kewirangan. Let sedhela Pak Sura kandha, “Wis ngene wae Pak Sar-dula, sampeyan njaluk digawa, dilapurake polisi, apa njaluk diajar wong semene iki.”

Krungu pitakon iku, Sardula mlorot lungguhe saka ndhingkluk neng jogan ketok yen wedi banget, karo nyembah-nyembah dheweke kandha, “Ampun Pak, ampun Mas, ampun sedaya mawon lan ugi Dhik Ijah, kula

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

401