Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/415

Kaca iki wis divalidasi

estu kapok boten badhe malih-malih, kula nyuwun pangapunten. Weruh patrape Sardula sing mlupuh-mlupuh njaluk pangapura mau, wong-wong sing mau pating cekikik njur meneng, ganti thukul welase. Kabeh isih meneng wae. Wusana Pak Sura kandha, “Yoh, Pak Sardula, kowe takapura ora taklaporaake polisi lan ya ora takpulasara. Ning kowe kudu nulis surat lan janji disekseni wong semene iki, yen ora bakal tak baleni.”

“Enggih,..enggih,..Pak,” wangsulane sardula kedher.

Pak Sura ngulungi kertas salembar dikon nulis lan tandha tangan. Bubar iku banjur wong-wong kabeh sing nyekseni. Sawise rampung, klunuh-klunuh Sardula dikon metu saka warung, marani truke kebak ing rasa wirang.

Djaka Lodang, No. 35, 30 Januari 2010

402

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010