Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/416

Kaca iki wis divalidasi
OMAH BLOK E, NOMER 13
Tiwiek S.A.



Sapa wonge sing ora marem. Ing wektu aku nyedhaki mangsa pensiun, anak telu wis cemanthol kabeh. Tegese, wis padha nyambut gawe maton. Arepa mung trima dadi PNS sing gajine pas-pasan. Ning rak kena dicakot-cakot alot. Tegese, kena dinikmati nganti tuwa. Lan sing luwih agawe marem, bocah telu kuwi mbiyen mlebune PNS kanthi liwat seleksi murni. Tegese, ngganggo tes tanpa ndadak nganggo nyogok. Ora umuk, anakku cacah telu najan kabeh wadon nanging utege encer-encer.

Mbarepe, si Retno, dadi guru SMP. Wis omah-omah lan duwe anak siji. Dhinese neng tangga kecamatan. Nanging ya klebu cedhak wae. Mula mangkat mulih dhines nglajo. Ya anakku mbarep iki sing bakal takkon mbangkoni omah sing saiki dak enggone sakluwarga. Dadi ora perlu yasa omah dhewe.

Sing nomer loro, Sita, dadi staf pengajar ing LP-MBK Malang. Ing kene ketemu jodhone, padha-padha staf pengajar. Pinaringan anak siji lan banjur yasa omah dhewe ana dhaerah Sukun cedhak maratuwane.

Lha sing ragil, si Intan Pramesti, sing sanajan uga wis nyambut gawe, nanging durung ketemu jodhone. Kamangka yen dibandhing karo mbakyu-mbakyune, rupane paling ayu, gek ya paling pinter. Jane ora kok ora payu. Wong ya bola-bali pacaran. Mbok manawa merga durung jodhone, saenggo anggone pacaran pijer pedhot.

“Ngapa ta In, kok kowe ki pijer gonta-ganti pacar? Risi aku ngru-ngokake rerasanane tangga,” panyendhuku nalika anggone pacaran putus maneh.

“Witikna pancen dereng cocog, dospundi malih? Tinimbang putus sasampunipun resmi jejodhowan rak aluwung putus sakmenika,” wangsulane dheplomatis. Aku ora bisa ngunggahi.

Durung paja-paja entuk jodho, dadak mara-mara sawijining wektu kandha yen arep njupuk perumahan.

“Bikakan enggal, Pak. Gek kalebet mirah. Nggih najan radi mlebet ning celak kitha. Celak kaliyan papan dhines kula,” ujare aweh katrangan.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

403