Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/417

Kaca iki wis divalidasi

“Kowe ki jan aneh kok, In. Bojo wae durung duwe, kok malah mikir arep njupuk perumahan,” pamaidoku.

“Ah, Bapak. Pados bojo niku gampil. Sing rekaos niku pados jodho. Nggih kaliyan ngrantos angsal jodho, yasa griya rumiyin rak mboten napanapa,” maneh-maneh ujare dheplomatis.

Aku lan ibune kapeksa nuruti kekarepane. Sarta saguh mbiyantu uang muka-ne. Dene rencanane, cicilane nganti lunas sumadya ditanggung Intan dhewe. Sawise entuk pasarujukanku, Intan wiwit ngurus pendhaftarane, milih lokasi lan pungkasan ngurus transaksi neng BTN. Let sesasi, perumahane wiwit dibangun. Manggon neng Blok F, Nomer 7. Rong sasi candhake omah kasebut wis dadi. Cilik, prasaja nanging cekli.

Nah, ya sawise perumahane Intan dadi iki, aku njur kerep turu neng kene. Rasane ora mentala ngejarake omah iku teurs-terusan suwung. Sauntara Intan dhewe durung saguh manggoni yen isih ijen. Njur nganti kapan? Lha iki, sing gawe kodhengku. Mung aku pracaya banget marang kaagungan lan adiling Gusti Allah. Pokoke, sing jenenge jodho, pati, lan rejeki iku pancen urusane Gusti. Embuh kapan kono, Intan mesthi ketemu jodhone.

Nalika anyaran nunggoni omahe Intan, rasane sepi. Kajabe sepi, kapeksa ndhudha, uga merga durung duwe tangga. Jeneh, najan omahe akeh sing wis rampung dibangun lan antarane omah siji lan sijine empetempetan tunggal tembok, ning durung kabeh dienggoni. Tegese isih suwung. Malah akeh wae sing rampunge luwih dhisik ya tetep suwung. Jebul jare Pak Gito, penjaga malam, kuwi duweke wong sugih-sugih sing niyat dienggo investasi, dienggo dagangan. Njur lokasine perumahan sing kepara mlebu rada adoh karo ratan gedhe, nambahi swasana sansaya samun.

Ning suwe-suwe aku kok ya krasan. Nek maune anggonku turu neng kene mung seminggu kaping pindho, lan padatan esuk umun-umun wis mulih merga kudu dhines, sawise aku pensiun malih meh saben bengi. Mulihku sok-sok ya awan. Malah tau ndina, tegese ora mulih. Nah, ya wektu iku aku nrenjuhi kahanan sing dakrasa aneh.

Wektu kuwi aku kebeneran ngepel jobin teras. Wayahe kira-kira

jam sanga esuk. Lagi asyik, ndadak dikagetake swara montor. Spontan aku ngawasake. Jebul sing numpak saweneh remaja lanang wadon kirakira umur 18 taun apa 20 taun ngono. Najan mung sabrebetan, jaragan ora padha nganggo helem, aku bisa niteni rupane. Bocahe lanang pawakan krempeng, rambute brintik. Dene wadone kulit kuning, semog, rambute lurus ngrembyak sabahu, rupane ayu. Sing dijujug omah blok E, nomer 13. Yen karo omahe Intan neng Blok F, nomer 7 iki, prenahe ing sebrang gang, kepering ngiwa. Najan rada adoh, ning ya isih cetha nalika nom-noman kasebut markir montore neng teras, mbukak lawang lan banjur mlebu ngomah.

404

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010