Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/418

Kaca iki wis divalidasi

Sakwit aku ngira, bocah kasebut kakang adhi, anake sing nduweni omah. Dadi aku ya ora sujana. Aku mbacutake anggonku ngepel nganti rampung lan ora nggatekake maneh. Nembe watara sak jam, kalane aku lagi sarapan mie instan neng ruwang tengah, lagi bocah loro kasebut ninggalake omah.

Dadak let telung dina, wayahe uga jam sanga esuk. Wektu semana aku lagi nyapu njrambah. Ana sepedha montor meneh mlebu gang ngarep omah. Sing numpak remaja lanang wadon. Aku isih eling, bocahe wadon ya sing wingenane kae. Aku titen awake sing semog, kuning ayu lan rambute sing ngrembyak sebahu. Dene bocahe lanang seje. Sing iki wis rada diwasa. Tegese ora klebu remaja maneh.

Kaya wingenane, sing dijujug uga omah ing gang E nomer 13. Sawise njagang montore, uga banjur mbukak lawang lan mlebu ngomah. Sajroning sajam iku padha ngapa, aku ora ngerti. Mung pangiraku sakawit manawa bocah kasebut kakang adhi, wiwit luntur. Malah tuwuh sujanaku. Aja-aja bocah kasebut tumindak ora nggenah? Rak jaman saiki kerep kadadeyan bocah umur SMA dha ngompreng?

Rasa sujanaku tak lairake marang Pak Gito, penjaga malam. Ngepasi aku sanja menyang omahe saperlu mbayar iuran keamanan.

“Pak Git, nuwun sewu. Griya Blok E/13, ngajeng kula nika kagungane sinten?”

“O, nika. Nek mboten kitu kagunganipun tiyang Sendang. Ning saemut kula dikontrakaken. Ning duka kok ngantos sepriki dereng dienggeni,” wangsulane Pak Gito. Banjur pitakon, “Enten napa, Pak?”

Aku mesem. “Ah, mboten enten napa-napa. Namung anu ..., salebeting seminggu niki kok kula ngonangi enten lare umur-umuran SMA sajodho mlebet ngriku watawis jam sanga enjing,” aku aweh katrangan.

“Mbokmanawi yogane sing ngontrak kalih kancane?”

“Saged ugi. Ning wong lare jaler estri, gek teng lebet ngantos dangu. Kula kuwatos gek-gek tumindak mboten nggenah.”

Pak Gito katon kuwatir. Arep kepriye-kepriyea wae, keamanan ing kompleks perumahan kene rak dadi tanggung jawabe. Kalebu aja nganti ana tumindak maksiyat sing bisa ngucemake citrane perumahan.

“Matur nuwun wartanipun, Pak. Kula badhe nyobi nylidhiki,” ujare Pak Gito.

Pak Gito iku sejatine dudu warga perumahan. Omahe neng kampung, kaprenah sabrang dalan kang nyidhat antarane kampung lan perumahan. Wonge wis setengah tuwa, ning isih katon kiyeng. Ora maido, tarah pakaryan pokoke minangka tukang becak. Uripe rada sekeng. Ya jalaran kuwi, dening Pak Erwandi, pemboronge perumahan iki, dipasrahi mi-nangka jaga malem. Maune gajine dibayar dening perusahaan. Ning sabanjure dijalukake iuran warga perumahan. Minangka jaga malem,

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

405