Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/419

Kaca iki wis divalidasi

pancen tugase sing ajeg ya wayah wengi. Yen awan mbecak. Ora aneh yen ora mangerteni apa sing dumadi ing perumahan ing wanci awan.

Minggu iki aku ora turu neng perumahan. Awit ana tanggaku caket sing duwe gawe lan aku dijaluki tulung supaya rewang. Dadine meh seminggu omahe Intan tak suwungake. Marang Pak Gito aku meling supaya yen bengi lampune teras diurubake. Kunci lawang ngarep dak titipake marang dheweke.

Dina Jemuah sore aku bali menyang perumahan maneh.

“Pak Gito, pun siyos nylidhiki griya ngajeng kula?” pitakontku ma-rang Pak Gito nalika aku njupuk kunci.

“Wadhuh, sepuntene, Pak. Dereng kober. Lha dos pundi, bidhal enjing wangsul sonten. Nanging wanci dalu nate kula inguk. Mboten enten napa-napa. Griya kasebat ajeg petengan,” wangsulane Pak Gito nglumohi kaluputane.

“Mboten napa-napa, Pak. Nggih mugi-mugi sujana kula sadangune niki lepat,” tumanggapku. Aku banjur bali menyang perumahan sawise nampa kunci.

Sadurunge mbukak lawang, aku nliti omah nomer E/13 kuwi. Nyoba nginjen menjero liwat cendhela. Nanging ora katon apa-apa wong ka-lingan slambu. Liwat bolongan kunci ya tetep ora katon apa-apa. Sing katon mung peteng. Sidane omah kasebut tak tinggal. Aku bali menyang omahe Intan sing dak tunggu. Sawise mbukak lawang, lampu enggal tak urubke. Jero omah dadi padhang.

Dina sesuke, nalika swasana perumahan wis sepi, aku mbaleni omah sing dak sujanani kuwi. Nginjen saka cendhela kepalang slambu, sidane nginjen bolongan kunci. Najan mung remeng-remeng, nanging mripatku wis bisa ndeleng. Ora beda karo omahe Intan, sing katon ya ruwang tamu sing ciyut. Ruwang tamu kuwi digelari karpet ijo. Lumrah, ora anasing aneh. Mripatku dak permanakake. Lho, neng poncot kae kok kaya ana gendul? Cacahe ora mung siji. Manut wujude memper gendul wadhah miras. Hiya, bener. Kae cetha gendul minuman keras!

Wah, yen mengkono bener pethekku. Bocah-bocah sing mrene kuwi padha omben-ombenan. Ora mokal sawise kuwi tumindak sing luwih saru! Tumindak kuwi ora kena dibacut-bacutake. Kudu ana upaya nyandhet!

Gembleng niyatku, pengin nglaporake apa sing dak weruhi kasebut marang pak RT lan Pak Gito. Mung emane, aku ora bisa nemoni saiki. Soale yen esuk ngene iki Pak RT cetha wis budhal nyambut gawe. Tarah piyambake kuwi pegawe Pemkab. Dene Pak Gito ya genah wis budhal mbecak. Kepeksa pepenginanku lapur tak srantekake nganti mengko sore.

Aku bali menyang omahe Intan. Nyandhak sapu, niyat nyapu jobin. Sepasar ora kesaponan, bleduge kok ya wis kandel. Lagi nyandhak sapu, kupingku nangkep panggerenge sepedha montor. Gegancangan aku

406

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010