Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/421

Kaca iki wis divalidasi
PARANORMAL
Sudarsono S.G.


Kulanuwun…! Ana swara uluk salam ing ruwang tamu. “Mangga….” sumaurku saka ruang kerjaku, ruangan cilik cedhak kamar tidur. Ya ing ruangan sing mung ana meja tulis lan mesin tik portable, meja computer, lan computer lawas, lemari cilik, lan rak buku, telepon parallel saka ruang tengah. Ruangan kanthi jendhela kupu tarung madhep kebonan cilik iringan ngomah ditata peni tanaman hias dening sisihanku. Gawe resep pandulu keyupan wit pace ora pati dhuwur. Ruangan sing kerep menehi idhe anggnku gawe karangan, mligine sing gegayutan kao alam mistis. Kaya dene jagading lelembut, alaming lelembut lan sapanunggale sing dimot ing udyana basa Jawa.

Ketikan ing computer sawetara dak endheg lan dak-save supaya ora ilang. Mangka lagi mlebu ing alenia wigati. Komputer dakpateni lan klithih-klithih metu menyang ruang tamu nemoni tamu sing teane ing wayah nanggung, wanci bar luhur wancine wong setengah tuwa kaya aku iki ngaso turu awan. Tamu sarimbit sapantaraku kuwi dak acarani mlebu, bage-binage banjur ngandharake wosing gati. Aku njinggleng ngrungokake critane, dudutane cekak cukupe dhewekan mlekotho aku supaya bisa mrantasi gawe. Radha nratab lan tidha-tidha nata ati, pikirku apa aku bisa mrantasi karya karana babagan kuwi dudu bageyanku. Gaweyanku mung ngarang, iku wae ya mung samben kalaning nganggur, pikiran lagi mood. Lagi ora mbiyantu kegiatan cateringe sisihanku.

“Kula mpun pitados sewu persen kalih Pak Dar… jeneh kula jeneh kula nggih pandhemen lan pengagum crita mistise njenengan. Kula mpun yakin mboten onten pengarang mistis kok mboten saged ngusir othokonggrok dhemit kaya niku… kecicil,” guneme tamu mau karo njenthikake drijine. Amarga reputasi pengarang crita lelembut lan nuhoni kepercayan sing gedhe mau aku kapeksa nyaguhi. “Inggih sampun ngenjang dalu bibar maghrib kula mang pethuk ngriki. Kula nyobi nayuh trawangan seeking ngriki.” Tamuku mau bali kanthi rasa yakin. Lhadalah aku dipeksa “ngusir dhemit” sing ngganggu katentremane kluwargane tamuku mau.

408

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010