Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/424

Kaca iki wis divalidasi

menyan, diagar-agarake arep dicublesake ing dhadhane sing mungal menthe mrusuh kuwi. Lhadalah… bisa ana gegeran rajapati lan kena urusan dieret-eret, dikecrek polisi, yen lelakon iki nganti dumadi.Luwih kucem maneh, bakal asmane Ki Sapujagad ing jagading perparanormalan. Mangka aku wis diangkat dening para kanca paranormal secara aklamasi minangka ketua perhimpunan paranormal kutha Semarang.

“Sabar…sabar ndhuk cah ayu”, wenehana aku wektu seminggu bae kanggo ngeningake piker.” karepku ngarih-arih.

Nanging jawabane isih tetep adreng karo isih nekem peso, “Nggih sumangga…ning jawabanipun Pak Dar kalih kula naming yeesss. Yen mboten, Dewi mung kantun namii.” Randha ayu kuwi pamitan karo isih manger-mangar, janji bakal teka seminggu maneh. Nalika prastawa iki kanthi jujur dakcritakake marang sisihanku saperlu njaluk pertimbangan, dheweke malah njempling mampro-mampro keprungu dening tangga teparo. “Wis, yen pancen karepmu kaya kuwi…rak sah muter golek alesan cem-macem, padune wis bosen, wong lanang ae kok, kaya ora ngerti jerohane. Puluh begjaku wis dakbekteni puluhan taun…huuu gombal mukiya… Wis rabiya kana… saiki aku patenana ae!”

Wengi sing kanggone mesra merga arang ketunggon bojo, malih kaya neraka. tangise ngglolo ungkep-ungkep ngirirngi metuku saka kamar. Dheleg-dheleg lungguh ijen ing ngisor wit pelem plataran ngarep. Tumlawung ngenam rasa sarwa ewuh. Rasa kecepit kana kene padha ngancam njaluk mati. Ah tibane dadi paranormal malah tambah susah lungkrah. Enak dadi penulis, pengarang luwih rilek lan santai. Katur kagem para sutresna Jaka Lodhang paringana Ki Sapujagad suluh kalidamar. Kabar saka andika daktunggu aja nganti seminggu. Matur nuwun.

Djaka Lodang, No. 39, 27 Februari 2010

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

411