Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/43

Kaca iki wis divalidasi

tuku dhek wingi. Ya iki sing marahi ibumu nesu wae kuwi. Rong dina aku dinengke. La piye wong wis kadhung petung dadi he.”

Sri ngleremake atine dhisik, nata tembung alon-alon kanggo nggenahke wong tuwane sing lagi salah faham kuwi.

Sawise perkutut digantung, bapake Sri banjur lungguh neng jejere Sri. Ketepakan banget kanggone Sri. Mula ora kesuwen maneh, Sri langsung matur kanthi bebas, runtut, lan ngati-ati, alus nanging ngenani. Sri matur menawa runtike atine ibune kuwi dudu jalaran manuk, nanging wanita. Sri uga matur bab pasrawungan sing keladuk antarane liya jenis kuwi nadyan ora adhedhasar rasa tresna antarane priya lan wanita nanging tetep gawe kapitunane liyan. Anggone matur tharik-tharik, trawaca, lan tleser-tleser, bisa rumesep ing atine bapake nganti banyu wening tleniktlenik mili saka mripat tuwa, mripat kakung sing lagi trenyuh marang tembunge anake wadon gegantilaning atine, kuwi. Sri uga melu ketut nangis, trenyuh marang kapribadene bapake sing dingunguni wiwit cilik nganti tekaning pati besuke. Mung siji kuwi manungsa sing dibiji dhuwur dening Sri ing selawase uripe, yakuwi bapake, merga liyane sabar, Pak Parto Waloya uga wicaksana, ora grusah-grusuh nampa atur. Ora nate munggel atur. Angger ana wong matur marang bapake Sri mesthi oleh kawigaten. Dipidhangetake nganti entek ature banjur lagi diparingi iguh.

Jam sanga pas Wasis ngajak mulih bojone. Cecaturan ing teras uga pas rampung. Kekarone diuntabake bapake. Sri ngethapel nyang boncengane Wasis.

Sakpungkure anak lan mantune, Pak Parto Waloya ngancing pager alon-alon banjur nyelehake kunci gembok. Ora ndang ngunci lawang ngarep nanging ndadak bali lenggahan maneh neng kursi plastik sing mau dilungguhi Sri. Pikirane tumlawung adoh, panyawange ngetutake ibere lawa lan kalong sing lagi bingung milih woh-wohan, jambu apa pelem. Tangane tengen ngelus-elus dhadhane dhewe banjur manthukmanthuk karo setengahe ana esem lega ing lathine sajak nemu rancangan apik sing bakal ditindakake ….

Laire Lindhu Aji Wasis gawe mongkoge Pak Parto Waloya nganti suzuki caretane diparingake kanggo hadhiah putu lanang. Durung selapan Sri wis diutus bapake sowan Sidoarjo saka kulawarga merga kabeh kerabat CV kudu mlumpuk saperlu nyengkuyung rancangan anyar. Janjane Sri rada wedi nanging jalaran ditelpon bapake jare ora apa-apa waton numpak caretane Lindhu wae wis cukup aman, mula Sri ya manut wae. Sapa ngerti Sri bisa gawe panglipur kanggo ibune sing lagi ora rena.

Jebul CV-ne bapake Sri gawe acara anyar yakuwi arisan kulawarga CV. Ing acara inti bapake Sri minangka pimpinan tinggi ngaturake biwara sing ngemu weling supaya ing pelaksanaan arisan bulanan mau bisa dadi ajang pasrawungan positif lan bisoa nambah rumakete sanak kadang CV.


30

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010