Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi
NALIKA DHEWEKE SIDA TEKA TENAN
Mbah Brintik


“Saka kang akon tetepungan karo dheweke, rak kowe dhewe ta? Saiki bareng wis klakon tepung lan dheweke sida tekan ing omahmu, kowe malah goreh pikirmu. Merga saka rumangsamu, dheweke kuwi ngungkuli kowe sambungane. Apa maneh bareng kowe weruh blegere lan sikepe kang merbawani, kowe rumangsa kasoran, rumangsa dudu tandhinganmu.”

Mangkono mau kang rame ana ing njero dhadhane, kang tansah nggubet atine. Pancen ya wis ngrumangsani, wiwit tepung marang dheweke, rasane ora beda kaya wong kang wong lagi kesasar ing segara wedhi, terus nemu banyu satetes, kanggo nelesi gurunge kang wis garing banget. Sejatine mono, ora dipikir ya sapa kang maido, mung mandhak wong tepungan, memitran lumrah. Senajan ta diarani mitra raket pisan bae, apa ta gunane ndadak dipikir nganti ngganyang ati? Dipikira nganti nggrogoti jantunge, apa ya dheweke ngerti apa kang dirasakake. Jerone segara bisa dijajagi, atine menungsa sapa ngerti.

Nanging sanajan mangkono, ora kena diselaki. Tepungane pancen akeh, lanang wadon klebu kang wis lansia. Kabeh padha rumaket, wis padha dene sanjan-sinanjan. Nanging geneya tepung karo dheweke kuwi dirasa seje banget. Tepung isih pirang sasi wis kaya puluhan taun rasane. Apa maneh bareng mangerteni menawa dheweke kuwi mumpuni babagan basa lan budaya Jawa, tur banget kritis marang generasi mudha kang ora migatekake marang basa lan budayane dhewe. Mangerteni mangkono mau, banjur rumangsa oleh mitra kang tunggal gegayuhan. Nanging isih meksa tidha-tidha, apa iya bisa gaduk nggone ngranggeh gegayuhane, bebarengan karo dheweke, apa ora jeneng cebol nggayuh Lamdahur, utawa padha karo bocah umbelen arep nandhingi mahasiswa?

Lagi tekan kono anggone nggagas-nggagas, swara batine kang tansah ngobat-abitake jantunge kuwi muncul maneh….

“Lha iya, bareng kowe wis tepung, banjur kowe ngerti manawa dheweke kuwi mumpuni babagan basa lan budaya Jawa, ora nganggo mikir dawa, kowe nganggep dheweke mitra kang satuhu, mitra kang


32

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010