Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi

“Jebul rokok kuwi ora mung njalari lelara kanker paru-paru nanging uga marakake nandhang impotensi tumrap perokok pria. Ing Amerika Serikat, siji saka antarane telulas perokok pria umur-umuran 20—39 taun nandhang impotensi.”

Aku ora nyauri. Rokokku daksedhot luwih jero. Nyonyahku ora migatekake. Isih katrem njingglengi ukara ing koran.

“Lha, iki malah ana sing luwih nggegirisi maneh. Sawijining LSM ing Inggris mratelakake, dinane iki ana wong satus rong puluh ewu pendherita impotensi akibat saka ngrokok. Yen ngono ngrokok kuwi bahaya banget ya, Mas?” ujare karo nyawang aku.

“Ya jelas,” sumaurku karo isih nglecis.

“Bahasa endi antarane kanker karo impotensi?” pitakone.

“Isih bahaya kanker, nanging luwih nyusahake impotensi.”

“Alasane?”

“Yen kanker genah cedhak karo pati. Nanging yen impotensi ora marakake mati. Nanging sing nandhang mesthi susah, jalaran rumangsa cotho. Luwih-luwih tumrap bebrayan sing uripe pas-pasan kaya awake dhewe. Lha nek upamane aku sampek nandhang impotensi harak gawe repotku lan repotmu. Awit wong kaya awake dhewe iki hiburane ora akeh.”

Nyonyahku menceb.

“Mas, iki aku usul ya. Syukur yen sampeyan mathuk, yen ora ya ora apa-apa. Piye yen sampeyan bukak kios rokok?”

Aku meneng. Mikir. Gagasan sing apik. Jalaran sasuwene nganggur rong sasi iki aku ora duwe pilihan saliyane ngenteni kapan perusahaanku nyeluk maneh kaya janjine.

“Njur arep bukak kios menyang endi?”

“Ya ngendi wae, pokok neng panggonan sing rame.”

Bener. Yen panggonan sepi kaya ta: kuburan, mesthine ya ora ana sing bakal nukoni, batinku.

Nanging aku setuju banget karo gagasane bojoku.

Temenaan, aku sida bukak kios ing pinggir jalan protokol ing kuthaku. Modhale kabeh saka bojoku embuh saka ngendi olehe usaha. Aku ora takon. Lan percaya wae. Wiwit kuwi aku duwe profesi anyar, bakul rokok. Wiwit kuwi uga aku malah leren anggonku ngrokok. Yen cangkem kecut tak ganti ngemut premen. Embuh ya, sawise ngrasakake jebule bakulan rokok kuwi bebathene sethithik, aku njur eman yen arep udat-udut. Nyonyahku mesthi wae seneng.

“Nanging aku ora menging sampeyan ngrokok, lho. Kuwi kesadharan sampeyan dhewe,” ujare.

Bener ujare simbah-simbah kae, pegaweyan apa wae yen ditandangi kanthi tememen, ditlateni, mesthi bakal mikolehi. Durung genep setaun aku wis bisa keklumpuk. Malah aku njur rasanan karo nyonyahku arep

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

41