Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi

“Lha iki apa ora tegesan sampeyan biyen, ta?”

“Tegesan biyen? Tegesan taun pira? Lha kok isih mboksimpen? Kathik elok temen?”

Bojoku ora sumaur. Rasa curigaku saya gedhe.

Aku njur kelingan Feroza warna abang jambon sing diparkir ing ngarep omahe Bu Ratnanto, tangga kulon omah let siji. Kuwi rak Feroza duweke kenalane bojoku sing anake dilesi. Yen ora kleru aku malah nate dijak bojoku menyang omahe wong kuwi. Terus, embuh kaping pisan apa kaping pindho uwong kuwi nate tuku rokok menyang kiosku. Nomer plate bisa aku ora kelingan, nanging warna abang jambon kuwi aku genah ora pangling. Soale arang ana Feroza cete mengkono yen pancen ora dicet dhewe.

Pikiranku banjur munyer seser. Wis ora kelingan awak rada masuk angin. Aku agahan metu menjaba. Dakinguk. Ferosa wis ora ana. Aku njur gawe analisa dhewe. Apa wong kuwi mau metu liwat jendhela nalikane aku mlipir menyang pawon. Ndilalah olehku mlipir kok ya metu wetan omah, ora kulon omah sing jendhelane bukakan kuwi.

Balik menyang kamar, bojoku dakdhedhes maneh. Bareng bojoku tetep ora gelem sumaur, dumadakan atiku muntab. ‘Barang bukti’ rokok sing mau daksaki saiki dakbanting ing ngarepe.

“Iki rokoke sapa, he!”

Bojoku kaget. Langsung nangis, nubruk aku. Nanging aku ngendhani nganti dheweke tiba. Meh wae tanganku kemlawe nampeg raine. Bruwalaku kaya angel kapenggak. Kaya-kaya aku wis bisa mbuktekake kesalahane. Tujune aku isih bisa ngendhaleni dhiri. Kanthi ukara pedhot-pedhot bojoku crita. Kandha blaka yen dheweke wis atindak slingkuh karo wong sing duwe Feroza kuwi. Alesane wis kakehan kepotangan budi. Kekerepen dheweke nampa paweweh, wujud barang utawa dhuwit. Malah,, kandhane, modhal kios biyen kae ya saka wong kuwi lan ora gelem dibalekake.

Aku slemengeren. Lan uga kanteb nyang ati. Bojoku ngaku ya lagi sepisan kuwi dheweke nindakake slingkuh. Nanging sapa sing percaya? Lan saupama aku percaya, apa bedane lagi sepisan karo wis kaping satus? Slingkuh ya tetep slingkuh wae. Tetep gawe lara ati tumrap sing nampa pangina. Malah adakan bisa gawe memala utawa rajapati. Pikiran bruwet nggeret jangkahku tumuju kreteg sing misahake kampungku lan kampung sebelah. Aku nyawang mangisor. Banyu butheg kuwi nggambarake buthege atiku.

Ana pilihan-pilihan sing ngusik pikiranku, sing kudu dakputusake. Pegatan apa ngapura kesalahane bojo? Muga-muga aku isih eling. Ora milih rajapati.

Jaya Baya, No. 27, Th. LIV, 5 Maret 2000

44

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010