Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi

nalika geni ing penthol korek iku mrambat ngepok nylomot driji-drijine. (Yen nganti bab-bab cilik ngono wae diweruhi aku ngira tukang dhisel iku uga mbambu parfume Putri sing kegawa ngin wengi).

“Uhg… adhem ya, Mas!” jare Putri miturut si operator.

“He eh. Yen ngono becike ndang jajal diurubake,” grenenge tanpa ngenteni pasetujone Putri. “Kene, kene, rada cedhaka maneh, mengko kita rak krasa anget!”

Saka pambiyantune Putri, dhisel iku kasil diuripake. Lampu murub, napsune uga katut murub. Ngono ukara pungkasan pawarta iku. Ah, kenes banget!

Pawarta ringkes ing TV swasta bab kasus iku rada njangkepi larahlarahe. Reporter ngandhakake yen tukang dhisel iku pranyata wis tepung, malah “tertarik”, karo Putri Ayu.

“Apane sing paling narik kawigatenmu?” pangoreke reporter.

“Carane nyenyandhang nganggo.”

“Geneya?”

“Pakeyane ngepres awak lan kerep uga mini. Dadi, pawakan lan pakulitane …” tembunge ora dibacutake (dakkira wong lanang bisa ngira piye tutuge).

“Lho, pakeyan simple ngono rak wis dadi mode ta? Akeh wong wadon nganggo, apa aneh?” pitakone reporter gumun.

“Bener, aku kerep weruh dianggo para penyanyi, artis film ing sinetron apadene ing vidhio, uga wanita ing meh saben papan kaya jare sampeyan. Anehe kabeh mau nggodha pikiranku,” ukara pungkasan iku diucapake lirih, meh ora keprungu. Si reporter njenggerutake bathuk lan mesem kecut. Dheweke ora takon maneh. Mbokmanawa batine muni, “Njelehi, dhasar wong lanang!”

Wawancara ringkes iku wae sing wigati kanggoku. Jangkepe pawarta kurang luwih padha karo ing koran sing dakwaca.

Tukang dhisel iku wis kepara mesthi bakal dikunjara merga ukum ora mbenerake. Nanging aku ora yakin prakara perkosaan, pelecehan seksual utawa tumindak jail marang wanita mandheg merga dheweke, tukang dhesel wayanganku wengi iku, dilebokake kunjara. Aku, dhalang Ki Lebda Carita, ngrasa yen Bethara Kala wis ngejawantah ing madyaning bebrayan manungsa. Lan marga akeh sukerta sing ora diruwat, tegese mangsane Bethara Kala iku cumepak ing sabarang papan. Putri Ayu putrane Pak Pujorogo mung salah siji ing antarane para memangsane

Panjebar Semangat, No. 17, 22 April 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

53