Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
KEKEJERA KAYA BRANJANGAN Suparto Brata

Jenenge Ketty Ng Wong. Sing liya-liya mau ana Detty, Marsam, akeh sing ora dakapali, ana sing ora genah dakrungu. Nanging sing siji iki, menyok, nyebut jenenge jelas. Klambine kuning sumringah, rambute ireng ngrembyak sapundhak, raine lonjong, kulite resik, lambene nalika omong cetha umak-umike. Ayu. Ya merga kuwi bisa uga aku tengen lan dhamang ucapan jenenge. Kuwi ing dina wiwitan aku mlebu omah sewan iki. Omah sewan duweke Bu Yati, kamar-kamare cacah wolu, kena disewa saben kamar wong siji utawa loro, lanang utawa wadon.

Bisa uga merga tandhese tepungan kapisanan kuwi, srawungku karo Ketty sabanjure renyah kaya untu rangah mamah apel. Kremus-kremus kebak semangat, nganggo rasa legi-kecute, ana aromane arum wangi barang. Marang para mondhok liyane srawung biasa-biasa wae, ya sapa aruh, ya dhiskusi prekara keluwarga ing ngomah, ya nonton televise bareng-bareng ing ruwang lungguhan. Nanging uga kerep sanja menyang kamarku, njaluk ter nyang perpus, barengan nonton bioskop. Ora kaya srawungku karo Ketty. Aku ora keplok sisih. Sajake Ketty uga kepranan marang aku wiwit kenalan sepisanan kae.

“Wid, aku pengin krim sodha, karo fried chicken ing mall. Ayo, terna!”

“Nanging awan iki aku arep neng lab….”

“Alaaa, lab rak bisa mengko bengi, nganti bengi banget. Mangan awan rak ora bisa disemayani. Ayo!”

Muni ngono Ketty karo nggandheng tanganku. Lengene sing mulus nggubet lengenku, rambute kang ngrembyak ngithik-ithik pipiku, ambune dheodhoran kang ngambar, ndadekake aku lumpuh, ora bisa nolak ajakane. Geneya ditulak, wong sarwa nengsemake. Cedhak menyok ayu ing tanah manca, wong lanang endi ora rumangsa mbedhedheg atine?

Ketty nraktir aku ora mung sepisan-pindho. Dheweke ora tau kakehan etungan prekara nyenyeneng srawung karo aku. Dheweke ngreti panganan sing dakdoyani. Lan kerep wae dheweke mangsak ing ngomah,

banjur ngladekake mangsakane mligi kanggo aku. Mesthi wae aku kumudu-kudu males kabecikane. Daktiteni apa kasenengane, lan aku ya

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

59