Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi

“Iki mau aku mangsakake kowe ndhog ceplok karo saus tomat senenganmu. Saiki nganti adhem, kowe ora teka. Aku ya ora bisa turu, wong kowe durung mulih. Aja bengi-bengi, ya, Sayang. Enggal mulih. I need you so much!”

Krungu swara Ketty kuwi, atiku dadi goreh. Ing lab sing sakawit adreng kenceng, saiki goreh mikirake yen ing pondhokan aku dienteni menyok ayu. Tekaku dianti-anti. Wah, gage wae risetku perangan iki dakcunthel, dakrampungake cepetan. Sesuk rak isih ana wektu maneh.

Tenan. Tekan pondhokan, kamarku,, kamare Ketty, isih padhang kencar-kencar, Ketty nyetel VCD ing kamarku, bantere eram.

“Walah, walah, Ketty, Ketty! La kok lampu sapirang-pirang kokbyarake kabeh. Kuwi mengko tagihan listrike rak ndedel. Gek bengibengi kok nyetel VCD banter emen. Tangga-teparone rak ya kebrebegen! Ayo, dipateni lampune. Dilirihake VCD-ne. Wis, wis, wis!”

“Oh, I’m sorry, Darling. Ayo dhansah dhisik Wid. Lagune lagi senenganku, vokale Britney Spears sing anyar, Forgive me, Dear. Ben padhang sedhiluk, ta, Wid. Mosok kene saben-saben rerangkulan, saben-saben sun-sunan, ana ing petengan!” Muni ngono Ketty karo ngleksanani karepe.

Toblas setan, cah iki. Aku ora bisa srengen, marga tingkah Prawan Singapur sing ngalem kuwi. Nanging aku tetep wae nglakoni karepku, mateni lampu sing pating gebyar, lan nglirihake swara musik kang dhangdhing-dhung ora karuwan kuwi. Swasana dadi remeng-remeng. Britney Spears isih rengeng-rengen, Ketty nglendhot ing dhadhaku, cheek-to-cheek, esrek ngematake wirama lamat-lamat, romantis tenan. Ndhog ceplok karo saus tomat, adhem yaw is ben.

Bab lampu pating gebyar lan nyetel musik bantas nemen kuwi Ketty wis kulina. Nanging ing kamare dhewe. Pancen resikone mbayar listrik, lampu lima diuripake bareng, dipanjer kabeh, ditanggung sing nyewa kamar dhewe. Nanging bab swara banter ing kamare, gek papane sisih ndhuwur, bisa ngganggu tanggane. Sing nonton televisi ing ruang lungguhan, ora bisa krungu apa-apa saka televisine. Aku ya wis ngelikake. Sarana guyon. Sembranan parikena, ora thokleh, ing pamrih Ketty ben ora kecenthok, ora nesu, merga aku pancen ngrasa sayang marang Ketty. Ketty pancen ora nesu. Nanging sasaranku elik-elik ora mleset, ora digugu. Gunemku ditanggapi dening Ketty kanthi srekalan uga, jare kahanane kamar kuwi, apa padhange lampu, apa bantase swara, dadi hak azasine. Arep sedhil wong liya gupuh. Muni ngono karo mesem-mesem ngliling aku.

Ana maneh kedadeyan kang ora nyenengake liyan. Ketty, yen adus, suwi banget. Banyu anget sakolah lan liwat shower dienggo kungkum, dientekake. La kanca-kancane sing dha kesusu adus, padha ngenteni antri.

Bareng dheweke mentas, rampung, kanggo ngangetake banyu sing antri

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

61