Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

isih kudu ngenteni meneh, sakorane setengah jam engkas. Jan nganyelake. Uga wis dielokake cara alus, aku mung oleh eseme sing ngujiwat, ngundang aku kon ngetutake nyang kamare.

“Ketty, ngertia, ta. Neng ngomah kene kuwi kita urip bebarengan wong wolu. Dadi nganggo kamar mandi kuwi uga dienggo wong saomah kene kabeh, padha giliran. Yen wayahe padha kesusu lunga ngene iki, rak padha ora kanti ngenteni kosonge jedhing, angete banyu.”

Dheweke nglendhotake gegere ing dhadhaku, kaya tingkahe Maralyn Monroe ngrerepa partner maine ing film kuna kan mentas daktonton karo Ketty.

“Ya, wiiis…, aku mengko dakadus bengi wae, yen wong wis padha turu.”

Lan pendhak dina dheweke adus bengi tenan. Kungkum, banyune krucak-krucuk ngileni kuping. Ndilalah kamar mandi kuwi mepet karo kamarku. Dadi aku grisenen. Dakdhodhog lawange. Ngerti aku sing ndhodhog, dibukak. Astaghfirullah! Tanpa awer-awer apa-apa!

Satemene aku ya wis krasa, sing direrempek kuwi mung aku. Marang wong lanang liyane, marang kanca sapondhokan liyane, Ketty ora ngalem kaya mangkono. Malah kena diarani meh ora srawung. Kaya kandhane dheweke, ngomong mung yen perlu. Nanging, embuh ya, marang aku kok bloboh men, nraktir-nraktir ya gelem. Kok lengket men. Ngrangkul, ngambung dudu masalah. Pancen nganggep aku ucle. Paklik. Umure kurang saka separo umurku sing 45 taun iki. Lan ngreti yen aku ninggalake kulawarga ing Surabaya. Dadi ngrerepek paklik rak ora papa. Nanging wong lanang normal endi sak umurku yen disenggal-senggol awak wadon kaya ngono kuwi isih tetep ngakoni srawung karo keponakake? Dakkira ya mung aku, Widodo Kasiman. Aku niyat srawung karo Ketty daksengguh kadidene keponakan. Aku tansah eling yen anggonku tekan Melbourne iki merga sinau. Ora arep nyleweng. Mesthi wae dakajangi amba bakal urip ing Negara manca, Negara sing hak azasine jalu wanita padha. Srawung bebas, aborsi lan free sex wis dudu tindak kriminal kang nerak susila. Srawung kaya mengkono wis daksinau lawas sadurunge aku budhal menyang negara kene. Senajan dakajangi amba, nanging aku ora bakal lena kebobolan iman ing negara manca.

Sinauku ora kether. Sanajan srawung karo keponakan Singapur kuwi rada keladuk modhel wong bule, sing uga gampangg diprangguli ing sakutheke Kutha Melbourne iki, nanging aku ora nglirwakake wektu kanggo sinau. Saka semester menyang semester, ujianku tansah menang. Ora krasa wis ngancik semester telu. Anggonku sinau ing manca, anggonku mondhok ing omah sewane Bu Yati, anggonku srawung rumaket karo Ketty Ng Wong, wis setaun punjul. Slamet, ora ana kedadeyan sing nguciwani.

62

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010