Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi

Ing sawijining dina, kaya adat saben, Bu Yati nemoni aku, nagih dhuwite pata tenant sing dakkumpulake. Wis ajeg-ajegan lumaku mangkono. Aku kapatah dadi ketua “Asrama”.

“Priye Kenya Singapur kuwi? Behave herself—ngurusi awake dhewe— apa isih seneng ngrusuhi urusan liyan? Yen isih panggah ngono wae, ditundhung wae.”

Aku kaget karo omonge Bu Yati. Ketoke kok sengit banget karo Menyok Singapur kuwi. Olehe ngrasani nganggo basa Jawa, dadi saupama krungu dening Ketty ora masalah.

“Apa Ketty sok ngrusuhi wong liya, ta, Bu?”

Troublemaker!—Tukang gawe perkara—Marakake wong mondhok ing kene ora krasan. Saben semester ana wae sing metu gara-gara Si Lembeng kuwi. Detty wingi uga meh wae metu. Ya merga Cemeng Rembes kuwi. Nanging dakerih-erih supaya tetep neng kene, merga sinaune kurang semester iki thok.”

Aku ora ngira Bu Yati duwe crita sumengit kaya mengkono.

“Nanging nyang aku apik, lo, Bu. Gelem nraktir, gelem nunut mobilku, seneng mangsakake aku. Aku dianggep paklike.”

“Ya wis genah. Marga okeh untunge tumrap dheweke. Kena dinunuti, kena dikekencan ben dadi protectore—pelindhung—gek lanang saumurmu, wis keluwarga, ora berbahaya tumrap dheweke. Upama making love— andon katresnan—ya ora kanthi rudapeksa. Mesthi merga dheweke sing butuh, sing seneng, sing bathi.”

“Ah, ora nganti kaya ngono!” bantahku ngotot. “Sumpah.”

Sawise krungu critane Bu Yati kuwi, panduluku bab Ketty pancen liya. Dakwaspadakake srawunge Ketty karo wong liya pancen anggang. Malah Rita, Marsam, disatru nganti tekan saiki. Ora padha aruh-aruhan. Nanging sikepe marang aku tetep ngalem, tranyak-trunyuk, kenes, kekejer kaya manuk branjangan, nunut menyang kampusku, njaluk ter yang mall, ngajak mlaku-mlaku neng plaza, ngecipris crita bab keluwargane ing Singapur, sengite karo Marsam, regejegane karo Detty. Satemene biyen Ketty ya wis polah kaya mengkono kuwi marang aku, nanging ora dakrasa-rasa kanthi jeroning ati. Saiki bareng dipiyak dening Bu Yati polah lan tingkahe Ketty banjur daktampa beda. Aku kudu luwih waspada. Sanajan sangu iman kandel saka ngomah, nanging polah tingkahe menus Ketty kang ngadi-adi marang aku kuwi, kudu dianggep mbebayani. Ayune kang imut-imut, kulite kang mrusuh, umure kang remaja, lelewane kang aleman, payudarane kang … , ah, wong lanang endi kang kuwat ora jebol imane dingungrum wedok enom kaya kuwi. Setaun punjul slamet dadi paklik. Nanging sasuwene-suwe, apa ya ora gripis diesrek awak sumlohe mengkono? Aku kudu nyingkiri, kuwi laku kang paling aman.

Ning, aku apa ya bisa, ora nuruti karepe Ketty Ayu sepisan wae? Wong

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

63