Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

yen wis ngajak terus ngrangkul bangkekanku, mepetake awake, gandane parfume, gesrekan rambute…. Jan ora nguwati aku nampik dheweke! Nginggati dheweke!

“Wis, ta, tampiken sepisan wae. Goleka alasan sing maton, terus aja kokladeni. Padu ya dhadhagana. Sepisan wae. Mengko tutuge kowe rak krasa dhewe. Padu sepisan rame ora papa, bubar kuwi dheweke ora ngajak-ajak kowe maneh. Kapok.” Mengkono prenahe Marsam nalika dakcritani anggonku arep uwal saka lengketku karo Ketty.

Tenan, premane Marsam dakcakake. Daktegel-tegelake atiku.

“Wid. Aku perlu blanja kosmetik nyang mall. Terna, ya? Mengko dakopahi es krim, karo clup-nul!” pangajake Ketty kaya adat saben. Clupnul kuwi istilahku karo Ketty dhewe, tegese ambung.

“Lho, aku ana meeting ing student union.”

“Alaa, kok ora bosen-bosen, meetiiing wae. Tanpa kowe meetinge rak ya mlaku. Ayo mithing-mithing karo aku wae, neng mall kana!” Lengene wis nggubet lengenku. Gandane amrik wangi, nglumpuhake jantung lanang.

“Emoh, Ketty. Iki penting banget. Budhala dhewe wae.”

Padudon rame. Aku meh ora kuwat nangkis pangajake. Nanging omonge Marsam cumengkling ing kupingku. Dakkukuhi. Ketty sewot. Aku dijothak. Nganti rong ndina ora sapa aruh. Aman. Aku bisa nyoba eksperimen ing kamarku dhewe. Nganti bengi.

“Telepon, Mas Wid!” ujare Detty.

“Hallo?” “Wid, dear! Aku papagen. Neng perpus. Ya?” Suwarane Ketty melas asih. Lho! Wawuh!

Aku gojag-gajeg. Dakpapag apa ora. Yen ora dakpapag mesakake, lo. Perpuse adoh, gek bengi atis.

“Nganggo taksi rak bisa,” manut carane Marsam. Ning, sidane aku kalah. Ketty tak papag.

“Mapag kaya embel! Mongsok wong dipanjer ana tritisan. Genahe gelem apa ora, mapag. Yen ora gelem ya karuwane, aku numpak taksi ya bisa.”

Aku digremengi entek amek kurang golek. Munggah ing mobilku, emoh nganggo seat belt—sabuk pengaman—nganti tekan ngomah. Edan tenan, kok.

Nanging esuke, isih edhuk dheweke wis thimik-thimik menyang kamarku karo nggawa roti bakar diolesi sele strowberi. Doyananku.

“Wid, mengko terna nyang mall golek patron, ya?” Ujare karo nguriuri godhegku.

64

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010