Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

ibere montor mabure IPTN sing tau diurupake jagung cakul lan beras. Nanging sing njalari kisruhe atine, kawit esuk mau lambene Kamdi babar pisan durung dirokoki. Kecut.

Arep nglukari tegesan ing asbak, atine kok isin. Isin karo awake dhewe. Biyen nalika narayanane, kapama banget ing babagan dhuwit. Ning bareng wis omah-omah, utang mbako wae kaya wong wedi karo gendruwo. Suwe-suwe ngantuke Kamdi nutupi mripate, atine, pikirane. Lan mak les. Kamdi ngalih nyang alam liya. Turu.

Bubar isah-isah lan ngetus bala pecah ing rak, Dasih karep dolan menyang omahe Hartini.

“Lho, jare koen lara weteng, Rek?”

“Sapa sing ngomong?”

“Bojomu maeng pethuk nok omahe mara tuwamu. Dheweke njaluk sega, jare koen lara. Gak isa masak.”

Sidane wong loro ngguyu cekakakan, sawise Dasih menehi katrangan yen kabeh mau pokalgawene sing lanang. Awit kekarone wis apal banget karo kelakuwane Kamdi. Kadhang sok nganyelake ngono kuwi. Nanging kadhang-kadhang, rasa kamanungsane kena diarani aneh. Sak ora-orane, jare wong loro iku.

“Aku nek ngrasakna bojoku kuwi, heh ….”

“Ana apa?”

Hartini banjur crita. Critane nganti tekan kono-kene. Wong loro kuwi, atine tundhone getem-getem. Utamane Dasih. Wong lanang edan. Bojo kurang waras. Kangelan golek pangan, oleh kesempatan diwenehake liyan. Ngono pangundhamane.

“Apa maneh alesane bojomu nyang bojoku, jare ora isa dadi mandhor.”

“Wis-wis, Ni, aku tak mulih.”

“Aja tukaran lo, ya!”

Mak klepat, Dasih bali. Pengin nylathu lakine. Rasa-rasaane pindha kumedhut pandoning lathi. Ora kok dheweke wani karo wong lanang. Nanging guru lakine sing kebacut. Mak grobyak! Kamdi tangi cekekal. Kaget. Karo nguceg-uceg mripate. Kamdi ngudhunake sikile saka amben.

“Ana apa Rek? Gak ngenak-enaki wong turu!”

“Deloken saiki … bojone Hartini wis cekel gawe. Kepenak!”

“O… iku tah?!” Ora ngawaki karo kukur-kukur gundhul.

Rada sawatara suwe bale somahe kuwi amleng. Wong loro sajodho, padha keli ing angen-angene dhewe-dhewe. Kamdi nyedhaki sisihane, sing lambene mincuk. Mbethuthut. Dheweke lungguh, bokonge didhesegake bokonge Dasih. Dasih mbales rada seru. Kamdi meh wae kejengkang. Tundhone ngalah golek lungguh kursi liya.

“Takkandhani ya, wong kuwi kudu tepa-tepak slira awak. Nduwe rasa rumangsa ngono lho!”

68

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010