Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/82

Kaca iki wis divalidasi

Rumangsa, ya rumangsa, Cak! Tapi ya kudu ndelok. Kecuali nek awak dhewe ki wis sugih. Sak ora-orane, gak kecingkrangan kaya ngene iki. Tuku beras sakgegem ae gak isa. Oleh penggawean dikekna nguwong.”

“Saman iku kudune isa mbandhingna. Guk Rip iku yok apa. Anake akeh. Pitu. Sing SMU metu, merga gak isa mbayar sekolah. Adhine, Minah ika, nangis ndrenginging. Rok sragame wis suwek. Wong tuwane gak isa nukokna. Lan anake sing isih nok SD, embuh ika sragame ika. Rupane sruwale ae wis ora merah hati maneh. Angger anake njaluk dhuwit kanggo mbayar sekolah, jawabane piye? Awakmu ruh? Ngenteni dana JPS mudhun. Mangka kapan mudhune dana mau?”

Sepi mamring sawatara.

“Nek awak dhewe kekurangan iki, paling-paling lak mung lesu. Kurang mangan ngono ae. Gak krungu tangise bocah. Aku ae sing gak melok duwe anak, melok ngeres krungu anake Guk Sarip sing cilik dhewe ika nagis kepiyer. Dicethoti emake merga njaluk es.”

Dasih kawit mau mung meneng wae. Atine wiwit bisa nrima cara pamikire sing lanang. Saora-orane dheweke ngalah meneng. Awit ing pojoking atine isih kasisa rasa mangkel. Kok upama sing lanang sida dadi mandhor ing proyek padhat karya gawe dalan iku, oleh sawulan isa tuku pesawat teve, kaya guru lakine Hartini. Bisa mborong sandhangan, butuh pawoning Pasar Legi. Lan sing lanang ora bakal nglinthing rokok, sing kala-kala tanpa campuran cengkeh.

“Ning ya piye, aku biyen setengah mati mbela dheweke supaya bisa dadi sisihane merga wateke iku,” Dasih grenengan sajroning batin. Dheweke nemahi kadadeyan kaya ngene iki, ora pisan pindho. Nanging sing sepisan iki, pancen kebangeten temen. Wis krisis moneter ora waraswaras ngene, arep oleh rejeki diwenehake wong. Durung yen mikirake utang ing warung-warung lan toko-toko. Mumet … met.

“Wis ya, Sih rejeki kuwi sing ngedum Sing Kuwasa. Aku yakin, suksuk giliran awak dhewe sing oleh. Ikhlasna ae.”

Ora ana wangsulan. Kamdi nyedhaki Dasih sing ndhingkluk alum, tumuli ngipuk-ipuk pundhake bojone. Ora watara suwe dheweke lunga saperlu wudlu, bareng krungu adzan Lohor ing langgar kang ora adoh saka omahe.

***

Panjebar Semangat, No. 16, 25 April 2000

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

69